Contoh Soal Penilaian Harian Terpadu Bahasa Jawa Kelas X Semester Ganjil

ambar

Contoh Soal Penilaian Harian Terpadu Bahasa Jawa Kelas X Semester Ganjil

PENILAIAN HARIAN TERPROGRAM (PHT)  Paket A

Sekolah : SMA Semarang
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ semester : X / 1
Hari, Tanggal :
Alokasi Waktu : 90 Menit (09.30-11.00 WIB)


A. Wangsulana pitakon ing ngandhap kanthi blaka lan patitis!

Wacan kangge soal nomor 1-5
Si pengung nora nglegawa,
Ngalingi marang si pingging
Saya elok alangka longkanganipun,
Kandhane nora kaprah,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Si wasis waskitha ngalah,
Sangsayarda denira cacariwis,
  • Tegese tembung ingkang dicetak kandel yaiku….
  • Tegese gatra ingkang nomor 4 yaiku….
  • Urutane tembang Pangkur ing nginggil, sing leres yaiku….
  • Piwulang tembang ing nginggil yaiku ….
  • Saka tembang ing nginggil, sebut lan analisis 2 (kalih) tembung sing oleh imbuhan ater-ater, panambang lan seselan, sarta tembung dwilingga!

Wacan kangge soal nomor 6-10
“No, Darno! Reneya!”
Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman medhun saka jero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajak ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani Kang Parman. “Iki lo, leren sik macule. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik” sumeh, grapyak semanak, lan esemane sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka polahe Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-amben gubug.
  • Tema cerkak ing nginggil yaiku….
  • Sapa wae paraga sing ana ing cerita ing nginggil?
  • Cara pamawas sing digunakke penulis yaiku….
  • Kepiye latar wayah, papan lan swasana crita ing nginggil?
  • Amanat cerita ing nginggil yaiku….
baca juga: Kumpulan Soal Bahasa Jawa Kelas X, Kelas XI, Kelas XII

PENILAIAN HARIAN TERPROGRAM (PHT) Paket B

Sekolah : SMA Negeri Semarang
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ semester : X / 1
Hari, Tanggal :
Alokasi Waktu : 90 Menit (09.30-11.00 WIB)


A. Wangsulana pitakon ing ngandhap kanthi blaka lan patitis!
Wacan kangge soal nomor 1-5
Mangkono ngelmu kang nyata,
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip.
  • Tegese gatra ingkang nomor 4 yaiku….
  • Tegese tembung ingkang dicetak kandel yaiku….
  • Urutane tembang Pangkur kasebut, ingkang leres yaiku ….
  • Piwulang tembang ing nginggil yaiku ….
  • Saka tembang ing nginggil, sebut lan analisis 2 (kalih) tembung sing oleh imbuhan ater-ater, Panambang lan seselan, sarta tembung kang ngangge purwakanthi!
baca juga: KUMPULAN SOAL ULANGAN KELAS X SEMESTER GANJIL

Wacan kangge soal nomor 6-10
Mulih saka nggone Babah A Cheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah rada dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal dipingke satus seket ewu ana patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar ragad Marni golek papan kuliah. “Alhamdulillah Gusti, matur nuwun!” Karjo ngucap sokur.
  • Tema cerkak ing nginggil yaiku….
  • Sapa wae paraga sing ana ing cerita ing nginggil?
  • Cara pamawas sing digunakke penulis yaiku….
  • Kepiye latar wayah, papan lan swasana crita ing nginggil?
  • Amanat cerita ing nginggil yaiku….

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close