SOAL ULANGAN HARIAN TENGAH SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN 2019/ 2020
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
Kelas / Program : XI/ IPA-IPS
Hari / Tanggal :
Waktu : 90 menit
Wangsulana manut prentah !
Damela tuladha ukara kang kanthi tetembungan kang kalebet homonim lan homograf!
Damela tuladha teks sesorah perangan surasa basa ingkang ngemot pangarep-arep utawi pangajak!
Supados saged nindhakaken sesorah kanthi sae kedah nggatosaken wicara, wirama, wirasa lan wiraga. Jlentrehaken bab kasebut!
Tuladha: Saron bumbung = angklung
Nyaron bumbung, nggonku ngenteni nganti cengklungen nanging dheweke ora teka-teka
Damela kados tuladha !
Kembang kacang = besengut
Ngedom kreteg = paku
Lajengaken parikan ngandhap!
Rujak nanas campur pace
Dipangan ing wanci awan
….
Asmaradhana
Poma-poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja ketungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Siang dalu dipun emut
Yen urip manggih antaka
Sebataken !
Tegesipun tembung lena lan antaka
Pitutur kang wonten ing tembang
Gethuk asale saka tela
Mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela
Yen ra pethuk atiku dadi gela
Aja ngono mas, aja-aja ngono
Kadung janji mas aku mengko gela
Jlenthehaken
Kaendahaning tembang campursari nginggil
Isi punggelaning tembang campursari nginggil
Damela layang pamaos kanthi ancas atawi tujuan pados kawigatosan saking pihak ingkang wonten gegayutanipun supados saged enggal ngrampungaken perkawis ingkang asipat umum, kanthi basa krama!
Seraten kanthi Aksara Jawi
Ghulam Zaid sregep dzikir
Dinten Kartini dipengeti saben tanggal 21 April
Sugeng Makarya
Jika berkenan, silakan unduh Soal UH Bahasa Jawa Kelas XI DI SINI