Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA Semester Gasal dan Jawabannya

contoh Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas XII, Latihan Soal Bahasa Jawa, Soal SMA/SMK/MA Semester Gasal dan Jawabannya
ambar
Soal Ulangan Harian Bahasa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA Semester Gasal dan Jawabannya

ambarisna.com - Sugeng dalu Bapak Ibu Guru dan teman-teman sekalian. Semoga semua baik dan selalu dilindungi Allah SWT. Amiin
Pada kesempatan kali ini, ambarisna akan membagikan soal Ulangan Harian/ UH Bahasa Jawa Kelas XII SMA/ SMK / MA Semester Gasal. Jika Bapak Ibu Guru berkenan, silakan untuk menyalin dan mengunduh soal Ulangan Bahasa Jawa ini. Silakan...

A. WENEHANA TANDA PING (X) ING AKSARA A, B, C, D UTAWA E SING DIANGGEP BENER!

Aywa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.

1. Pranyatan kan jumbuh kalian tembang ing nginggil yaiku...
A. Wawasane kudu jembar
B. Wong kudu pinter guneman
C. Yen guneman kudu ati-ati

D. Ucape pribadhi iku sing paling bener
E. Wong sembada iku yen duwe kekarepan

2. Tembang kinanthi kasebut dumadi saka....
A. 1 gatra 6 pada
B. 1 pada 6 gatra

C. 1 pada 6 wanda
D. 1 wanda 6 gatra
E. 1 gatra 6 wanda

3. Wawasen wuwus sireki. Tembung wuwus duweni teges...
A. Ucap
B. Uwis
C. Pekerti
D. Tumindak
E. Karep

4. Tembang kinanthi kasebut nduweni watak
A. Asih asuh
B. Rada sereng utawa galak
C. Raket, kulina
D. Tresna seneng
E. Resep lan luwes

5. Ing ngisor iki sing kalebu tembung garba yaiku...
A. Aywa
B. Sireki
C. Karasa
D. Praptaning
E. Sedya

6. Ing ngisor iki gatra tembang kang nggunakake puwakanthi yaiku...
A. Dudu pocape pribadi
B. Ing kono yekti karasa
C. Wawasen wuwus sireki

D. Marma den sembadeng sedya,
E. Aywa sembrana ing kalbu,

7. Nembang macapat, supaya penak dirungokake kudu pas karo titilarase. Tegese titilaras yaiku...
A. Notasi
B. Cengkok
C. Cakepan
D. Pathokan
E. Pocapan

8. Pratelan tembung ing ngisor iki, kang kalebu tembung andhahan yaiku kejaba...
A. Ny + sapu dadi nyapu
B. M + pulih dadi mulih

C. Ng + gawa dadi nggawa
D. N + jungkel dadi njungkel
E. M + panas dadi manas

wacan kanggo soal nomor
1. Marma den taberi kulup
2. Bengkas kahadaning driya
3. Supaya dadya utami
4. Angulah lantiping ati
5. Rina wengi den aneda
6. Pandak-panduking pambudi

9. Urut-urutane tembang kasebut, kang leres yaiku...
A. 1, 4, 5, 6, 2, 3
B. 1, 5, 4, 6, 2, 3
C. 1, 4, 5, 2, 6, 3
D. 1, 4, 5, 6, 3, 2
E. 1, 2, 5, 6, 4, 3

10. Tembung kulup lan tembung aneda nduweni teges...
A. Anak, lakon
B. Anak, usaha

C. Anak, siang
D. Siang, usaha
E. Lakon, anak

11.Larik angulah lantiping ati nduweni teges...
A. Ngolah kadigdayan
B. Ngolah kesabaran
C. Ngolah kapinteran
D. Ngolah rasa batin

E. Ngolah laku tapa

12. Larik kang nduweni teges saben wayah kudu temen olehe usaha yaiku gatra...
A. Bengkas kahadaning driya,
B. Rina wengi den aneda.

C. Angulah lantiping ati,
D. Samangsa wis kawistara,
E. Landhepe mingis mingis,

13. Wosing tembang kasebut yaiku...
A. Nglakoni prithatin lan ngudi ilmu supaya dadi utama penguripane

B. Ngilangake rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
C. Aja tumidhak sakepenake dhewe amarga urip akeh pacoban, mulu kudu ati-ati
D. Ngelmu kang sejati iku ora jail, meri lan ngaya, anane mung antenging ati
E. Angkara murka bisa dikendhaleni nganggo laku batin

14. Tetembungan ing ngisor iki sing kalebu tembung lingga kejaba...
A. Utami, bengkas, wengi
B. Samangsa, pambudi, ati
C. Mingis, atunggil, urip
D. Lantiping, landhepe, kahadaning

E. Samangsa, atunggil, rina

Wacan kanggo soal nomor
Dina iki dina sabtu
Sekolahku padha prei
Wis wanci ngasokne awak
- - - - - - - - - - - - - - - - - - - -
Penting kumpul keluarga
Uripku rasane manis

15. Larik kang trep kanggo jangkepi tembang kasebut yaiku...
A. Penak kumpul ibu bapak
B. Najan sangu ra nduweni

C. Wis ora sekolah meneh
D. Bapak ibu tindak kantor
E. Rewang ibu nyuci baju

Upamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.

16. Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati nduweni teges...
A. Bakal entuk kacilakan sadalan dalan
B. Sidane bakal kelaran awake dhewe
C. Wong kudu ati-ati ben slamet uripe
D. Yen awak dhewe kurang ati-ati
E. Mlaku ing dalan kang kebak bebaya


17. Yen awak dhewe kurang ati-ati iku tegese saka gatra...
A. Sayekti karendhet ing ri,
B. Apese kasandhung padhas,
C. Lamun kurang ing pangarah

D. Babak bundhas anemahi.
E. Upamane wong lumaku,

B. JAWABEN PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI MILIH BENER / LUPUT. 

18. Tembang macapat kinanthi urut-urutane nomor 5 saka filosofi tembang macapat. Bener/ luput
19.Babak bundhas anemahi nduweni teges bakal entuk kacilakan sadalan-dalan. Bener / luput.
20. Tembang kinanthi nduweni paugeran 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i. Bener / luput

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close