Contoh Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 November

Contoh Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 November
ambar
Pada postingan kali ini, kami akan membagikan contoh pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 November

Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 November merupakan salah satu pidato yang sudah umum dilakukan oleh instansi pendidikan maupun nonpendidikan. Pidato ini biasanya dilaksanakan dalam lomba pidato peringatan Hari Nasional tersebut.

Lomba Pidato Bahasa Jawa pada hari nasional merupakan pidato yang sekarang ini secara lumrah dilakukan oleh pemerintah daerah. Selain untuk menyemarakkan peringatan hari Nasional tersebut, pidato ini menjadi salah satu cara untuk menjaga dan melestarikan bahasa Jawa tersebut.

Di Provinsi Jawa Tengah, Jawa Timur dan Daerah Istimewa Yogyakarta, Pidato Bahasa Jawa sangat umum dilakukan. Ini terjadi karena Bahasa Jawa merupakan Bahasa Ibu dari ketiga provinsi tersebut.

Teks Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 November

Sebenarnya ada banyak contoh pidato Bahasa Jawa untuk peringatan Hari Nasional. Salah satu contohnya adalah Teks Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 November.

Assalamu’alaikum Wr. Wb,
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga nagari Indonesia ingkang kinurmatan. Ing sabne 10 Nopember bangsa Indonesia tansah mengeti dinten Pahlawan.

Kados sampun kacetha bilih rikala tanggal 10 Nopember 1945, ing Kota Surabaya wonten prastawa perang ageng antawisipun arek-arek Surabaya ngusir penjajah ingkang mbonceng Inggris (Sekutu) lumarap ing tanah Jawi. Saking semangat arek-arek Surabaya lan kalajengaken pejuang rakyat ing dhaerah sanesipun. Ing salajengipun damel horeging donya, ngantos Dewan Keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi prastawa punika.

Kanthi semboyan “Rawe-rawe rantas malang-malang putung”. “Mandheg ambleg, mundhur ajur.” “Mati siji tuwuh sewu.” 

Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Indonesia. Ing pengetan punika boten kula jlentrehaken sedaya prastawa ing tanggal 10 Nopember 1945, nanging semangatipun ingkang kapendhet hikmahipun, semangat perjuangan pahlawan kangge nindakaken pejuang ing babagan pembangunan.

Kanthi rahmating Allah SWT, pahlawan Indonesia sampun saged ngrebat wilayah Surabaya. Kula boten saged nglalekaken mekaten kemawon perjuanganipun arek Surabaya ingkang dipunpimpin dening panjenenganipun pejuang ageng inggih punika semangat Bung Tomo. Ingkang kanthi sora ngagungaken asmaning Pengeran: “Allahu Akbar! Allahu Akbar!” jiwa lan semangat  10 Nopember taksih wonten ing jajaning bangsa Indonesia kangge mbangun nagari Indonesia. Kanthi berjuang “Sepi ing pamrih rame ing gawe.”

Kathah para pejuang ingkang ndhepani bantala mbela bangsa lan nagari. Kangge putra lan putu ing tembe. Pramila mangga sesarengan nglajengaken punapa ingkang dados perjuanganipun para pahlawan.

Ing salebeting kita mardika, kita taksih berjuang mboten kangge mrangi penjajah nanging kanggi mrangi kemiskinan lan kebodhohan, tumrap Bangsa Indonesia.

Pramila boten wonten awonipun, kangge ngenget jasa pahlawan, sumangga ngeningaken cipta sekedhap kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medhan juang. Mugi-mugi amal lan kasaenanipun katampi ing sisihing Gusti.

Kula cekapi semanten rumiyin atur kula bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu nyuwun pangaksama. Mugi-mugi bangsa Indonesia pinaringan sihing Pengeran.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb,

Demikian Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan 10 Nopember. Semoga bermanfaat.

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close