Contoh Pidato Bahasa Jawa Sambutan Tokoh Masyarakat di Acara Ngunduh Mantu

Contoh Teks Pidato Sambutan Tokoh Masyarakat di Acara Pernikahan
ambar
Sambutan tokoh masyarakat dalam acara pernikahan merupakan hal yang lumrah di dalam kehidupan sehari hari. Hal ini secara tidak langsung menunjukkan bahwa tokoh masyarakat sangat dihargai petuahnya, dihormati, dan memiliki wibawa. 

Tokoh masyarakat di sini bisa diwakili siapa saja. Biasanya yang dianggap tokoh masyarakat adalah mereka yang memiliki pengaruh, baik di dalam bidang pemerintahan, bidang agama, bidang sosial budaya maupun bidang pendidikan.

Sambutan tokoh masyarakat di bidang pemerintahan bisa diwakili oleh kepala dusun, lurah atau kepala desa, camat, sekcam, sekda hingga pimpinan tertinggi di pemerintahan.

Sambutan tokoh masyarakat di bidang pendidikan bisa diwakili oleh guru, kepala sekolah yang dihormarti. Adapun tokoh masyarakat di bidang agama bisa diwakili oleh ustadz maupun kiai. Sedangkan di bidang sosial budaya bisa diwakili oleh Pelaku Seni, seperti dalang dan sebagainya.

Contoh Teks Pidato Sambutan Tokoh Masyarakat di Acara Ngunduh Mantu

Pada kesempatan kali ini, kami akan memberikan contoh teks pidato Sambutan Tokoh Masyarakat di Acara Ngunduh Mantu.

Silakan perhatikan Contoh Teks Pidato Sambutan Tokoh Masyarakat di Acara Ngunduh Mantu di bawah ini.

Assalamu alaikum wr.wb
Nuwun, wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang kula bekteni.Wonten ngarsanipun sedaya para tamu kakung putri ingkang tansah winantu suka basuki, lan sedaya masyarakat ing Kecamatan…………….. ingkang sanget-sanget kula kurmati.

Ingkang sepisan kula ndherek mangayu bagya dhumateng  Bp……………. sekaliyan  dene panjenengan sampun kasembadan anggenipun   ngemah-emahaken kang putra putri nimas ayu…………….. lan nakmas bagus………………….

Nuwun  sewu  Bp……………….  sekaliyan  ,bilih  tugas/ tanggel jawabipun tiyang sepuh menika kejawi dados lantaran  para putra wonten ing alam donya menika, ugi nggadhahi kwajiban nggulawenthah, ndhidhik, ngagengaken…..…… lan ingkang pungkasan ngemah-emahaken utawi nikahaken. Nadyan temanten menika sampun panjenengan emah-emahaken, nanging panjenengan tetep ngawat-awati, supados anggenipun bebrayanan saged guyub rukun, gendhon rukon sak lami-laminipun.

Ingkang kaping kalih kula paringaken dhumateng sri penganten. Mas lan mbak manten gegah anganku marang sliramu kaya dene tembang Dhandhanggula  iki:

Atut runtut sinisihan salami, 
kakung putri trus sahabi praya,
Manunggal sih sutresnane, 
myang bangkit asesunu, 
Ngupa boga jangkebing wajib, 
atul sungkem Pangeran, 
Panembah satuhu, 
tanapi yayah lan rena,
Wekasane  baya  mulya  kang  pinanggih,  
winantu  suka rena.

Mula manten kakung putri ya kudu tansah mad- sinamadan, mong kinemong siji lan sijine, rinabuk rasa asih sakbendinane. Insya Allah bisa langgeng saklawas-lawase.

Kajaba saka iku, manten sekaliyan calone dadi anggota masyarakat, mula kudu srawung lan nindakake kegiatan jroning masyarakat, kayata: kerja bakti, siskampling, melu kumpulun RT lan sapanunggalane.

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki. Mekaten sekedhik andharan saking kula, mugi-mugi migunani dhumateng sri penganten. 

Purnaning atur santen peresan klapa. Wonten atur kula ingkang lepat,nyuwun pangapura. Nuwun.

Wassalamu alaikum wr.wb. 

Demikian Contoh Teks Pidato Sambutan Tokoh Masyarakat di Acara Ngunduh Mantu yang dapat anda gunakan sebagai referensi pidato di acara pernikahan. Semoga contoh teks pidato ini bisa bermanfaat. 

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close