Soal [B] PAT Bahasa Jawa Kelas XII SMA/MA/SMK Semester Genap

ambar
Pada postingan kali ini, kami akan membagikan contoh Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XII SMA/MA Semester 2. Soal Bahasa Jawa ini dibuat oleh guru yang berkompeten, jadi jangan ragu tentang kredibilitas soal ini. 
25 Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XII SMA/MA/SMK Semester Genap

Kawan-kawan semua bisa berlatih menggerjakan soal PAT ini. Untuk Selengkapnya, perhatikan cuplikan soal tersebut di bawah ini!

PETUNJUK KHUSUS:
Pilihlah salah satu jawaban yang paling tepat, dengan cara menyilang ( X ) pada huruf A, B, C, D atau E pada lembar jawaban yang tersedia! 

1. Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya ….
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri dhomas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ….

Tembung ingkang trep kangge ngganepi ukara gatra sekawan lan sedasa
yaiku….
A. prakawis, karya
B. ungggul, sayektinipun
C. sayektinipun, ngrana
D. tetela, ngrana
E. dhomas, tetela 

2. Gatosaken teks ngandhap !
1. suprandene nggayuh utami 
2. sang Kumbakarna namane,
3. wonten malih tuladhan prayogi,
4. tur iku warna diyu,
5. satriya gung nagari Ngalengka,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

Urutaning Ukara gatra setunggal ngantos gangsal yaiku….
A. 3 - 2 - 1 - 4 - 5 
B. 3 - 4 - 2 - 5 - 1
C. 3 - 1 - 2 - 4 - 3
D. 3 - 5 - 2 - 1 - 4
E. 3 - 5 - 2 - 4 – 1

3. yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing nguni caritane,
andêlira Sang Prabu,
Sasrabau ing Maèspati,
aran Patih Suwônda 
lêlabuhanipun,
kang ginêlung tri prakara,
guna kaya purun ingkang dèn antêpi,
nuhoni trah utama
 
Satriya utama ingkang pantes tinuladha ing carios nginggil yaiku….
A. Patih Suwanda
B. Prabu Janaka
C. Prabu Dasamuka
D. Raja Manggada
E. Ditya Ngalengka Aji

4. purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
 
Perang tandhing nggadhahi teges….
A. Perang tanpa senjata
B. Perang ingkang boten nyata
C. Perang setunggal lawan setunggal
D. Perang ing wayah srengenge jumedhul
E. Perang kanthi sesidheman utawi dhedhelikan

5. Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
….
Gatra kalih ing tembang nginggil menawi kagancarake yaiku….
A. Kados nalika paprangan nagari Manggada
B. Prajurit kedah prihatin ing saben wayah
C. Guna saged mrantasi damel supados dados unggul
D. Tumindaka ingkang ati-ati menawi dados prajurit
E. Kewanene sampun nyata nalika prang tandhing kaliyan Dasamuka.

6. Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

Lelabuhan kang katindakake dening Kumbakarna yaiku….
A. Amboyong putri dhomas
B. Ngalahake Prabu Rahwana
C. Maju perang lawan sedherek piyambak
D. Paring pitulungan marang Dewi Sinta 
E. Prang tandhing mungsuh wanara

7. duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
 
Dasanamane wanara yaiku…
A. rewanda, kapi, kethek, tirta 
B. rewanda, kapi, kethek, juris
C. rewanda, bayu, kethek, juris
D. rewanda, kapi, kethek, siwi
E. rewanda, arga, kethek, juris

Wacanen teks tembang ngandhap kanthi titi!

yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira atulada,
duk ing nguni caritane,
andêlira Sang Prabu,
Sasrabau ing Maèspati,
aran Patih Suwônda 
lêlabuhanipun,
kang ginêlung tri prakara,
guna kaya purun ingkang dèn antêpi,
nuhoni trah utama.

8. Paugeraning tembang nginggil yaiku:
A. 12i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 10i, 7a
B. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
C. 12i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 8a
D. 10i, 10a, 8e, 7u, 10i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
E. 12i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 8a

9. Wataking tembang Dhandhanggula nginggil yaiku:
A. Seneng, tresna, asih, mituturi
B. Luwes, kewes, manis, resep, seneng lan nyenengake 
C. Grapyak, sumanak, nyritakake pitutur seneng, 
D. Antepan ati, gagah,semangat 
E. Sakepenake dhewe, sembranan, kurang greget

10. yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing nguni caritane,
andêlira Sang Prabu,
Sasrabau ing Maèspati,
aran Patih Suwônda 
lêlabuhanipun,
kang ginêlung tri prakara,
guna kaya purun ingkang dèn antêpi,
nuhoni trah utama.

Tegesing tetembungan kang cinithak kandel yaiku:
A. becike sira, jaman biyen, pangurbanan
B. becike sira, jaman saiki, pangurbanan
C. sejatine sira, jaman biyen, pangurbanan
D. sejatine sira jaman saiki, pangurbanan
E. samesthine sira, jaman biyen, pangurbanan

11. Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama

Wataking Sri Karna, kados ingkang kacariosaken ing tembang yaiku….
A. Awatak angkara murka
B. Welas asih dhateng sesami
C. Mituhu kaliyan rama-ibunipun
D. Saged mbales kabecikaning liyan
E. Satriya ingkang awatak gumedhe

12. Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama

Tegesing ukara gatra kalih yaiku….
A. Perang tandhing lawan Yudhistira
B. Perang tandhing lawan Bratasena
C. Perang tandhing lawan Arjuna
D. Perang tanding lawan Nakula
E. Perang tandhing lawan Sadewa

13. Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

Menapa ingkang nyebabake Kumbakarna purun maju perang?
A. Nglenggana marang dhawuhe kang raka
B. Netepi dhawuhe yayah rena
C. Eling marang para leluhur ingkang sampun seda
D. Amung cipta labuh nagari kang arsa rinusak bala kapi
E. Ajrih kaliyan para kapi ingkang ngrudug Ngalengka

14. …
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,

Sinten ingkang raka miturut carios nginggil?
A. Basukarna
B. Adipati Karna
C. Prabu Dasamuka
D. Patih Suwanda
E. Sang Dananjaya

15. ….
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

Tembung garba ingkang katemokake ing teks nginggil yaiku:
A. mring
B. aneng
C. prang
D. ingadegken
E. nagri

16. Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama

Menapa ingkang nyebabake Sri Karna bingah manahipun?
A. Dimungsuhke kaliyan kadang piyambak
B. Prang tandhing kaliyan sang dananjaya
C. Saged nuduhake kasudiran ing paprangan
D. Pikantuk dalan kangge males kabecikan marang Duryudana
E. Saged bales dendam marang Duryudana ing paprangan 

17. Pratelan ngandhap minangka pangertosan Eksposisi Definisi yaiku….
A. Wacan ingkang ngandharake cara-cara nindakake satunggaling perkara saking wiwitan ngantos pungkasan.
B. Wacan ingkang maringi gegambaran ngenani satunggaling bab kanthi prasaja ingkang setunggal lan setungalipun nggadhahi sipat mirip.
C. Wacan ingkang njlentrehake utawi ngandharake definisi utawi pangertosan ngenani topik utawi babagan tinamtu
D. Wacan ingkang isinipun maringi palapuran ngenani satunggaling perkawis utawi panaliten.
E. Wacan ingkang isinipun dredah utawi pertentangan perkawis setunggal lan setunggalipun.

18.  Ruwatan Murwakala

Ruwatan Sukerta yaiku adhicara kang dilakokake kanggo mbuwang siyal, utawa acara kanggo ngresiki awak supaya ora nemahi bilahi. Adhicara iki minangka acara sakral kang ora saben wong bisa mimpin, kejaba wong kang nduweni kekuwatan pinunjul. Ing tradisi jawa, wong kang mimpin ruwatan iki kasebut dhalang. Ora kabeh dhalang bisa ngruwat, nanging dhalandhalang tinamtu kang bisa ngruwat kanthi nggelar wayang lakone murwakala. Dhalang kang bisa ngruwat diarani kandhabuwana

Ukara ingkang nedahaken struktur tesis utawi panemu ing wacan wedharan nginggil yaiku….
A. Ruwatan Sukerta yaiku adhicara kang dilakokake kanggo mbuwang siyal, utawa acara kanggo ngresiki awak supaya ora nemahi bilahi.
B. Adhicara iki minangka acara sakral kang ora saben wong bisa mimpin, kejaba wong kang nduweni kekuwatan pinunjul.
C. Ing tradisi jawa, wong kang mimpin ruwatan iki kasebut dhalang.
D. Ora kabeh dhalang bisa ngruwat, nanging dhalandhalang tinamtu kang bisa ngruwat kanthi nggelar wayang lakone murwakala.
E. Dhalang kang bisa ngruwat diarani kandhabuwana

19. Manut kapercayaane wong Jawa ruwatan Murwakala iki dianakake mligi kanggo bocah sukerta. Bocah sukerta kudu diruwat supaya uripe mulya lan bisa bebas saka kakuwtan kang asipat ala ing sakupenge awake.
Pethilan wacan  nginggil kalebet tuladha struktur wacan wedharan yaiku….
A. Pambuka
B. Tesis 
C. Andharan 
D. Penegasan ulang
E. Argumentasi

20. Pratelan  ngandhap minangka kaidah panyerating wacan Wedharan/ Eksposisi kejawi….
A. Ngandharake sawijining idhe utawi gagasan
B. Mbetahake fakta kangge bukti arupi data
C. Njllentrehake sumbering idhe, gagasan saking pengamatan, pengalaman, lan panaiten.
D. Mentingake emosi lan unsur subyektif
E. Panutup minanga dudutan/kesimpulan atau  penegasan ide

21. Ing Jawa mliginipun jawa Tengah, adhicara ruwatan ngantos samenika taksih kawontenaken ing  ing kraton Yogyakarta utawi Surakarta. Adhicara Ruwatan ingkang kawontenaken ing Kraton Surakarta mapan ing Pendhapa Sasana Mulya kanthi pakeliran (layar) wayang kulit ingkang kababarake kanthi komplit mawa piranti gamelan  lan para niyaga uga sindhene. Lawang kangge mlebet ing pendhapa kapasang janur kuning, pisang lan ron wit ringin kados ing pahargyan pawiwahan. Kalebet tiyang ingkang badhe mlebet papan kasebut ugi kedah baris, boten kenging mbeta tetedhan utawi Hp, amargi adhicara ingkang kawontenaken kalebet adhicara sakral ingkang gegeyutan kaliyan alam ghaib yaiku Bathara Kala.

Ukara baku wacan nginggil yaiku:
A. Ing Jawa mliginipun jawa Tengah, adhicara ruwatan ngantos samenika taksih kawontenaken ing  ing kraton Yogyakarta utawani Surakarta. 
B. Adhicara Ruwatan ingkang kawontenaken ing Kraton Surakarta mapan ing Pendhapa Sasana Mulya kanthi pakeliran (layar) wayang kulit
C. Wayang kulit  ingkang kababarake kanthi komplit mawa piranti gamelan  lan para niyaga uga sindhene.
D. Lawang kangge mlebet ing pendhapa kapasang janur kuning, pisang lan ron wit ringin kados ing pahargyan pawiwahan. 
E. Kalebet tiyang ingkang badhe mlebet papan kasebut ugi kedah baris, boten kenging mbeta tetedhan utawi Hp, amargi adhicara ingkang kawontenaken kalebet adhicara sacral ingkang gegeyutan kaliyan alam ghaib yaiku Bathara Kala.

22. Adhicara Ruwatan ingkang kawontenaken ing Kraton Surakarta mapan ing Pendhapa Sasana Mulya kanthi pakeliran (layar) wayang kulit ingkang kababarake kanthi komplit mawa piranti gamelan  lan para niyaga uga sindhene
Dhalang menika padamelanipun nglakokake wayang, sindhen menika nembang kanthi kairing gamelan, dene niyaga yaiku….
A. Nata dhapukane wayang ingkang badhe maraga
B. Ngriyas para pemain wayang ingkang badhe maraga 
C. Nabuh gamelan kangge ngiringi lakuning wayang
D. Nyepakake ubarampe pagelaran wayang
E. Nemtokake carios wayang ingkang badhe kagelar
23. Manut kapercayaane wong Jawa ruwatan Murwakala iki dianakake mligi kanggo bocah sukerta. Bocah sukerta kudu diruwat supaya uripe mulya lan bisa bebas saka kakuwtan kang asipat ala ing sakupenge awak. Menawa ora diruwat, bocah sukerta bakal nemoni kasusahan, ora begja, bakal nemahi bilahi yaiku dadi panganane Bathara Kala.

Tegesing tembung sukerta manut wacan nginggil yaiku….
A. begja
B. slamet
C. cilaka 
D. kasarasan
E. ala

24. marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama

Tegesing ukara kang cinithak kandhel yaiku:
A. Perang rame Karna mati kena panah
B. Perang rame Karna ngetog kasudiran
C. Perang rame Karna gugur minangka wirotama
D. Perang rame Karna kaliyan Dananjaya
E. Perang rame Karna kaliyan kadangipun piyambak

25. marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama

Tembung ingkang kacithak kandhel menawi kaudhar yaiku….
A. Ji +  nempar + ing
B. Jinempar + ing
C. Jempar + V  in + ing
D. Jinem + par + ing
E. Ji + nem + par+ ing

Demikian Postingan kami tentang Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XII SMA/MA/SMK  yang dapat kami sajikan. Sekian dan terima kasih. Semoga bermanfaat.

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close