Definisi, Perangane, Unsure lan Teknik Maca Pranatacara

ambar

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Di bawah ini akan kami sampaikan pelajaran bahasa jawa kelas X SMA/SMK/MA dengan materi teks pranatacara.

Teks pranatacara merupakan materi ketiga yang diajarkan di kelas X. Adapun sebelumnya, siswa akan mempelajari materi serat wedhatama pupuh sinom, dan teks cerita wayang.

Baca juga: Materi Serat Wedhatama Pupuh Sinom atau Materi Teks Cerita Wayang Kelas X

Setelah mempelajari materi ini, siswa akan diarahkan untuk mempelajari teks deskripsi makanan tradisional Jawa.

Baca juga: Materi Deskripsi Makanan Tradisional Jawa

Nah, tak perlu berlama-lama. Silakan amati uraian materi teks paranatacara di bawah ini.

Apa iku Pranatacara?

Panatacara utawa Pranatacara dumadi saka tembung pra-(ater-ater), nata (menata), lan acara. Tegese pranatacara yaiku wong sing tugase nata sawijining acara/ macakake rantaman (urut-urutaning) acara kasebut. Wong sing tugas dadi manatacara kudu ngerti urut-urutaning acara kasebut amarga mlakune acara dadi tangung jawabe dheweke.

Pranatacara kerep uga diarani pambywara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara atau Master of Ceremony (MC). Regeng, gayeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara.

Pranatacara kuwi sawijining paraga (wong) sing duwe tugas dadi perantara titilaksana (lakune) sawijining upacara kaya upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale.

Kaya dene ing  acara upacara adat temanten Jawa, pranatacara ditugasi mandhu lakune adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Nadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten.

Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) pranatacara nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang sarean (kuburan).

Saka ukara kasebut, bisa disimpulake acara-acara sing biasane ana pranatacarane yaiku:

1.      Acara mantenan (lamaran, midodareni, panggih, ngundhuh mantu)

2.      Acara tetakan (khitan)

3.      Acara lelayu

4.      Acara ulang taun, Lsp.

 

Pranatacara yaiku

Perangan Teks Pranatacara

Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe  ngrengrengan teks pranatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks pranatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

  1. Salam pambuka. Pranatacara bisa mbuka adicara kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh”, utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
  2. Muji syokur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam  marang kanjeng Nabi Muhammad.
  3. Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek. Biasane, sing disapa luwih dhisik yaiku wong sing diagungke utawa sing dianggep drajate paling dhuwur lan sateruse.
  4. Ngaturake Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening pranatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
  5. Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
  6. Salam penutup.

 

Unsur-unsur Pranatacara

Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

  1. Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
  2. Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
  3. Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
  4. Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
  5. Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
  6. Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
  7. Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman 

Teknik Maca Teks Pranatacara

Sajroning macakake pranatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

1)      Nggunakake pangucap kang trep

2)      Pamedhote ukara kang trep

3)      Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

4)      Ngreteni tandha wacan kanthi trep

5)      Swara kang cetha

6)      Ngatur alon lan cepete pamaca

7)      Ngolah treping mlebu wetuning napas

8)      Mahami wacan

9)      Percaya marang dhiri pribadi

 

Saliyane kaprigelan kasebut, pranatacara uga migunakake metodhe maca kaya ing ngisor iki.

1.      Maca teks

Metodhe iki majibake pranatacara maca teks wutuh nalika mandhu acara. Teks kasebut jangkep saka salam pambuka nganti salam panutup kaya perangane teks pranatacara.

2.      Apalan

Metodhe apalan biasane dilakoni pranatacara sing wis siap. Wis nduwe persiapan sing mateng. Prantacara ngapalake dhisik teks sing arep diandharake.

3.      Ekstemporan

Metodhe iki bisa disebut metodhe kepekan utawa contekan. Biasane sing ditulis pranatacara mung jeneng acara-acarane, kaya ta sepisan pambuka, sapa wae sing bakal menehi sambutan, medharsabda lan sapanunggalane. Intine, pranatacara nggawa cathethan ciliki.

4.      Impromptu

Metode iki biasane dhadhakan. Ora ana persiapan sama sekali. Tegese, prantacara ora nduweni persiapan babar blas. Dheweke ditunjuk dadi pranatacara.

 

Conto Teks Pranatacara lan Bageane


Teks

Cengkorongan (struktur teks) teks pranatacara

Assalamualaikum Wr. Wb / sugeng siyang/enjing/sonten/dalu....

1.       Salam Pambuka

Kasugengan karaharjan dalah kabagaswarasan, mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng kula panjenengan sedaya.

2.       Atur Pambuka

Para sesepuh saha pinisepuh ingkang tansah sinungkeman. Para pangemban pangembating praja ingkang satuhu kinabekten. Bapak Waluyo sakaluwarga (wong sing duwe hajat) dalah Bapak Solikin sapangombyong (kaluwarga besan) ingkang kinurmatan. Boten kesupen para tamu kakung putri ingkang kinasihing Gusti.

3.       Atur Pakurmatan / sapa aruh

Saderengipun matur, sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah mugi kanthi berkah pangestunipun adicara pahargyan menika saged kalampahan kanthi gancar nir ing sambekala.

4.       Atur puji syukur

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula pun Iis Islamiyyah minangkani pamundhutipun bapak Waluyo sekaliyan garwa, kula ingkang kajibah minangka jejering pambewara ngaturaken gatining sedya ing pahargyan pawiwahan dhaupipun Rara Ayu kinasih putrinipun Bapak Waluyo pikantuk Raden Mas Indrajit putranipun Bapak Solikin sekalian.

Para rawuh ingkang minulya keparenga kula maosaken reroncening adicara pawiwahan menika.

1.       Acara ingkang sepisan inggih menika pambuka

2.       Acara kaping kalih inggih menika praptanipun sri pinanganten kakung kalajengaken acara pasrah panampining pinanganten priya.

3.       Purnanipun pasrah panampinipun pengantin kalajengaken acara dhaup nut tatacara adat Jawa.

4.       Sasampunipun acara menika tumunten kalajengaken pambagyaharja saking pamengku gati.

5.       Wondene acara ingkang salajengipun nuninggih waosan donga lan panutup.

Mekaten reroncening acara wonten siyang menika. Ingkang sepisan nuninggih pambuka sumangga kita bika acara menika kanthi waosan yaumul kitab sesarengan.

............................. (acara diwaca siji mbaka siji kanthi urut)

5.       Ancasing gati

Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan, acara setunggal mbaka setunggal sampun kalampahan kanthi gancar tur lancar. Awit saking menika kula minangka pambewara nyuwun lumunturing samudra sih pangaksami sedaya kalepatan anggen kula matur.

  1. Panutup

Akhirukalam, Wassalamualaikum Wr.Wb. / nuwun, nuwun, nuwun.

  1. Salam Panutup

  

Contoh Teks Pranatacara Pahargyan Temanten

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkat  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana.Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putrid ingkang dahat kinurmatan.

Inggih awit saking keparengipun Bapak…….. sekaliyan, kula kapitados ndherekaken lampahing adicara pahargyan prasaja ing kalenggahan punika.

Dene  wigatosing  sedya,  Bapak……. sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika……….., putra-putrinipun Bapak Ibu…….., saha  nakmas…………, putra kakungipun Bapak……..sekaliyan ing pidalem ing…………..

Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing……..

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

a.      Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

b.      Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

c.       Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

d.      Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

e.      Tataran adicara ingkang kaping gangsalinggih menika sabdatama utawi ular-ular.

f.        Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agama  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

Wassalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

 

Negesi Tembung Angel
Ana ing teks pranataara, biasane ditemokake tembung tembung sing rada angel dimangerteni. sebab iku, awake dhewe perlu nggoleki tegese tembung kasebut.

  1. Kasugengan artine Slamet
  2. Karaharjan artine Rahayu/slamet
  3. Kinabekten artine Diurmati/diajeni
  4. Dalah artine Lan
  5. Sapangombyong artine Sarombongan
  6. Pangestunipun artine Ijinipun
  7. Pahargyan artine Pawiwahan/ acara nikahan
  8. Gancar artine Lancar
  9. Sambekala artine Alangan
  10. Garwa artine Bojo
  11. Kajibah artine Kewajiban
  12. Pambewara artine Pranatacara/ wong sing nata acara/ MC
  13. gatining sedya artine Maksude ati
  14. Dhaupipun artine Nikahe
  15. Reroncening artine Urut-urutaning
  16. Dhahat artine Sanget/banget
  17. Kalampahan artine Mlaku
  18. Pangaksami artine Pangapura
  19. Kalepatan artine Salah/luput
  20. Matur artine Ngomong

Setelah membaca materi ini, kalian bisa langsung mengerjakan latihan soal berikut.

Latihan Soal Teks Pranatacara

Demikian materi teks pranatacara yang dapat kami sampaikan. kurang lebihnya kami mohon maaf. Terimakasih.

wassalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close