Materi Tembang Sinom Serat Wedhatama (Bahasa Jawa)

ambar
Wonten ing siang menika, ambarisna.com badhe ngaturaken materi Bahasa Jawa kelas X Semester Genap yaiku Tembang Sinom Serat Wedhatama.

Ora usah kesuwen, ngga! Gatekna pratelan ing ngisor iki!

Apa iku Serat Wedhatama?
Serat Wedhatama yaiku salah sawijining serat sing diserat dening Kanjeng Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Serat iki kawentar banget. Akeh seniman lan budayawan sing ngutip serar wedhatama iki. Salah sawijine yaiku almarhum Gombloh “Sapantuk wahyuning Allah, Gya dumilah mangulah ilmu bangkit” ing lagune gebyar-gebyar.

Serat Wedhatama diserat taun 1850an. Serat Wedhatama ditulis awujud tembang macapat sing cacahe ana 100 pada. Jumlah 100 pada mau kabagi dadi 5 Pupuh.

Kalima Pupuh kasebut yaiku Pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Pupuh Pangkur nduweni 14 pada, Pupuh Sinom nduweni 18 pada, Pupuh Pocung nduweni 15 pada, Pupuh Gambuh nduweni 35 pada lan pungkasan Pupuh Kinanthi nduweni 18 pada.

Pupuh Sinom kang ana ing Serat Wedhatama kalebu kabudayan Jawa kang adiluhung amarga jroning Serat Wedhatama ngemot sawijining ajaran luhur kang ana ing bebrayan agung, wiwit jaman biyen yaiku jaman Mataram. 

Serat Wedhatama nalika kuwi dadi landhesane para raja-raja Mataram anggone nggulawentah putra-putrine kepriye anggone urip ing bebrayan agung kanthi kebak subasita lan adoh saka emban cindhe emban siladan.

Ora mung kanggo keturunan raja, Serat Wedhatama bisa uga dadi paugerane urip kanggo wong kang gelem maca lan ngresepi. 

Ana ing wulangan iki awake dhewe bakal nyinaoni pitutur luhur kang ana ing Serat Wedhatama Pupuh Sinom.

Tembang Macapat Sinom Serat Wedhatama 
 1) Apa iku Tembang Macapat?
Macapat yaiku salah sawijining tembang saking tlatah Jawi, sing diserat lan diwaca nganggo patokan/paugeran. Macapat uga disebut maca papat-papat. Saliyane ing Jawa, tembang macapat uga ana ing dhaerah Bali, Sasak, Madura, Sunda. 

Dene ing daerah Palembang lan Banjarmasin uga wis tau ditemokake tembang macapat.
Ing jaman Mataram, teks-teks kasusastran klasik biasane ugi diserat mawi metrum/gaya macapat. Tuladhane serat Kalatidha, Wedhatama. Wulangreh, lsp. Tembang macapat nduwe aturan tinamtu.
2) Pangertene Tembang Sinom
Sinom yaiku salah sawijining tembang sing kaemot ana ing Serat Wedhatama anggitane Kanjeng Gusthi Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat kasebut ngemot limang tembang kanthi urutane yaiku Pangkur, Sinom, Pucung, Gambuh, kinanthi.
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. 

Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan. 

3) Paugeran Tembang Macapat 
Tembang macapat nduweni paugeran utawa aturan baku. Aturan baku kasebut yaiku:
a) Guru Gatra yaiku cacahing larik utawa gatra saben sapada.
b) Guru Wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra
c) Guru Lagu yaiku dong-ding utawa tibaning swara ing pungkasane gatra

Paugeran tembang Sinom
Materi Tembang Sinom Serat Wedhatama

Tembang sinom nduweni paugeran guru gatra cacah 9 lan guru lagu sarta guru wilangan 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.

4) Watak tembang Sinom 
Watake tembang Sinom iku sabar, grapyak, semanak, tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute. 

5) Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. 

Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan. 

6) Tuladha tembang Sinom
Tembang Macapat Sinom Laras Pelog pathet Barang
Trap-Trapan Nulis Tembang Macapat
Cara Panulise tambang Macapat sinom kaya ing ngisor iki!
Nemtokaken wataking tembang
Ing bagian iki, minangka trap-trapan sepisanan nembang macapat. Awit nemtokake watak tembang, ana hubungane karo jinise tembang macapat.

Nemtokaken tembung pilihan
Kaya dene nulis karya sastra liyane, panulisan tembang macapat uga milih tembung sing nggadhahi kaendahan/ estetika supados karya kasebut nduwe biji sing apik.

Nemtokake Jinise tembang macapat
Nemtokake jinise tembang macapat sing kedah dipadhakake karo pathokane. Jinise tembang macapat wis ana pathokan baku, yaiku guru lagu, wilangan lan gatra. Sebab iku, trap-trapan kasebut wis cetha anggone meh nulis tembang macapat.

Nggancarake Tembang Sinom 
Nggancarake yaiku nduweni teges padha karo parafrase utawa nggawe narasi. Supaya bisa mangerteni piwulang ing njero Tembang Sinom tembang iku digancarake luwih dhisik.

Nggancarake tembang tegese yaiku ngowahi ukara ukara ing tembang dadi ukara kang gampang dimangerteni kaya dene ukara kang guneman saben dinane.

Babagan kang kudu digatekake nalika arep nggancarake tembang yaiku:
1. Ukara kang iketaning nganggo paugerane baliswara kudu diudhari. Tuladha: malumpat sampun ( sampun malumpat.

2. Kena mbuwang utawa ngimbuhi tembung-tembung sawetara. Tuladha: wong agung ing ngeksiganda dadi wong agung saka negara ngeksiganda (mataram).

3. Tembung sandi utawa garba kudu diudhari. Tuladha:  kayenak dadi karya + enak.

4. Manawa ana perlune uga bisa ngilangin utawa nambahi ater ater seselan panambang. Tuladha: tumrap jadi trap + um.

5. Ukara kang mawa basa kawi kudu dijarwakake. Tuladha: tyas dadi ati

Inggih, cekap semene sing ambarisna.com bisa aturake bab Tembang Macapat Sinom Serat Wedhatama. Muga-muga artikel singkat iki bisa manfaati kanggo perkembangan Basa Jawi.
Maturnuwun. 

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close