Contoh Soal PHT Bahasa Jawa Kelas XII Semester Ganjil

ambar

 Selamat malam semuanya. Pada kesempatan yang baik ini, kami akan membagikan contoh soal mata pelajarana Bahasa Jawa pada semester Ganjil. Berikut adalah soal yang akan kami bagikan.

Wangsulana pitakon ngandhap kanthi maringi tandha  Ping (X) ing aksara A, B, C, D utawa D ing jawaban kang paling trep


  1. Serat Wedhatama anggitane K.G.P.A.A Mangkunaegara IV wonten gangsal pupuh tembang macapat. Pupuh ngandhap boten pupuh ing kalebet Serat Wedhatama .

  1. Pupuh Pangkur

  2. Pupuh Kinanthi

  3. Pupuh Pocung

  4. Pupuh Gambuh

  5. Pupuh Dhandhanggula


  1. Serat Wedhatama pupuh Kinanthi kadhapuk saking…

  1. Pitung pada

  2. Wolulas gatra

  3. Wolung pada

  4. Sedasa gatra

  5. Wolulas pada

baca juga: Kumpulan Latihan Soal PAS Semester 1 Kelas XII SMA

  1. Tembang Kinanthi awatak….

  1. Sereng, tresna, asih

  2. Sabar, gemati, seneng

  3. Asih. Sabar, gemati

  4. Seneng, tresna, asih

  5. Gemati, loma, sereng


  1. Paugeraning tembang Kinanthi ingkang trep yaiku….

  1. 8u, 8a, 8a, 8i, 8u, 8i

  2. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

  3. 8u, 8a, 8a, 8i, 8u,8i

  4. 8a, 8i, 8u, 8a, 8u, 8i

  5. 8u, 8i, 8i, 8a, 8i, 8i


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Mangka kanthining tumuwuh 

Salami mung awas eling

Eling lukitaning alam 

dadi wiryaning dumadi 

supadi nir ing sarkara

yaiku pangreksananing urip

Tegesing tembung ingkang kagaris ngandhap yaiku’…

  1. Manungsa urip

  2. kahanan

  3. carane njaga

  4. Tandha-tandha

  5. Pepalang laku 


  1.  Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Marma den taberi kulup

Angulah lantip aneng ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Manut paugeraning tembang Kinanthi, wonten gatra ingkang boten trep. Cakepan ingkang kedah kasunting saking tembang kasebut yaiku…, 

  1. Marma den taberi kulup

  2. Angulah lantip aneng ati

  3. Rina wengi den anedya

  4. Pandak panduking pambudi

  5. Bengkas kahardaning driya


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


pangasahe sepi samun

aywa  esah ing salami

samangsa wis kawistara

lelandhepe mingis-mingis

pasah wukir reksamuka

kekes srabedaning budi

Ukara gatra kalih ngemu teges….

  1. Nindakake sesembahan 

  2. Aja nganti leren salawase

  3. Yen wis temen nindakake

  4. Bakale mandi banget

  5. Nyingkirake kabeh pepalang


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Dene awas tegesipun
Weruh warananing urip
Miwah wisesaning Tunggal
Kang atunggal rina wengi
Kang mukhitan ing sakarsa
Gumelar ngalam sakalir


Pitutur ingkang sagedkapendhet saking tembang nginggil yaiku

  1. Manungsa kedah tansah waspada marang pepalanging gesang

  2. Manungsa kedah pinter anggenipun milih dalaning panguripan

  3. Manungsa kedah saged mujudake pepinginan kang nyata

  4. Manungsa kedah waspada marang tandha-tandha ing donya

  5. Manungsa kedah gesang kanthi tulung-tinulung kaliyan sapepada 

baca juga: Kumpulan Soal Bahasa Jawa Kelas XII

  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


sirnakna semanging kalbu

den waspada ing pangeksi

yeku dalaning kasidan

sinuda saka sathithik

pamothahing nepsu hawa

linalantih mamrih titih

Pratelan ingkang boten trep kaliyan tembang nginggil 

  1. singkirna rasa ragu-ragu ing ati

  2. kudu waspada ing pandeleng

  3. iku dalane supaya kasil

  4. sudanen hawa lan nepsu

  5. paring tetulung marang sapepada


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Haywa sembrana ing kalbu
Wawasan wuwus sireki
Ing kono yekti karasa
Dudu ucape pribadi
Marma den sambadeng sedya
Wewesan praptaning uwis


Tembung garba ing tembang kasebut yaiku…

  1. haywa

  2. sembadeng

  3. mamatuh

  4. nalutuh

  5. wawasen


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Kaunanging budi luhung
Bangkit ajur-ajer kaki
Yen mangkono bakal cikal
Thukul wijing utami
Nadyan bener kawruhira
Yen ana kang nyulayani

Tembung saroja ing tembang nginggil yaiku….

  1. kaunanging

  2. ajur-ajer

  3. bakal-cikal

  4. kawruhira

  5. nyulayani


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Sirnakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saking sathithik
Pemothahing napsu hawa
Linalantih mamrih titih

Ukara ingkang ngemot  purwakathi swara wonten ing gatra

  1. Kalih 

  2. Tiga

  3. Sekawan

  4. Gangsal

  5. Enem


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!

Meloke yen arsa muluk
Muluk ujare lir Wali
Wola-wali nora nyata
Anggepe Pandhita luwih
Kaluwihane tan ana
Kabeh tandha-tandha sepi


Cakepaning tembang kasebut ngemot purwakanthi….

  1. Purwakanthi swara

  2. Purwakanthi sastra

  3. Purwakanthi basa

  4. Purwakanthi pada swara

  5. Purwakanthi beda swara


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Mangka ta kang aran laku

Lakune ngelmu sejati

Tan dahwen pati openan

Tan panasten nora jail

Tan njurugi ing kahardan

Amung eneng mamrih ening

Manut tembang nginggil tegesipun panasten yaiku

  1. Remen nacat lepating tiyang sanes

  2. Meri dhateng tiyang sanes

  3. Gampang nesu marang sapada

  4. Tansah damel remen manahing liyan

  5. Gampang paring pangabsama  dhateng liyan


  1. Gatosaken cakepaning tembang ngandhap!


Pantes tinulad tinurut
Laladane mrih utami
Utama kembanging mulya
Kumulyaning jiwa dhiri
Ora ta yen ngeplekana
Lir luluhur nguni-uni


Wos  utawi isining tembang nginggil yaiku…

  1. Nuladha tumindhak para leluhur sanajan boten pleg

  2. Nyingkiri tumindhak kang ala supados boten dados memala

  3. Tumindhak ingkang boten sae prayogi boten ditiru

  4. Supados saged dados manungsa utami kedah sregep

  5. Para leluhur sampun paring tuladha kedah ditiru

  1. Gatosaken geguritan ngandhap.

Bapa

Matur nuwun bapa

Kanthi  tetesing kringetmu

Tuwuh krenteg ing ati kudu bisa satuhu

Mangerteni babagan ngelmu


Manut isi utawi wosipun, geguritan kasebut kalebet…

  1. Ode

  2. Hymne

  3. Satire

  4. Balada

  5. Romansa 


  1. Pratelan ingkang boten kalebet titikan geguritan yaiku….

  1. Basane endah

  2. Isine mentes

  3. Purwakanthinipun sami

  4. Migunakake tembung pilihan

  5. Boten nggadhahi paugeran tinamtu


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Tan kaduk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasitaning kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusananing tibeng papa


Tegesipun ukara gatra kapisan yaiku…

  1. Kang beda karo jaman saiki

  2. Ora beda karo jaman saiki

  3. Ora beda karo jaman biyen 

  4. Kang beda karo jaman biyen

  5. Pada wae jaman saiki karo biyen


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Sliramu

Sinawang saka netramu

Ana rasa kang kepak pitakon

Yagene sliramu musna sajroning werdi

Rinasa ing sajroning tyas

Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung

Tanpa kuwawa bisa entuk jampi


Undheraning gagasan utawa tema geguritan nginggil yaiku…

  1. Kasarasan

  2. Pasrawungan

  3. Katresnan

  4. Karesikan

  5. Kadurjanan


  1. Gatosaken geguritan ngandhap!

Sliramu

Sinawang saka netramu

Ana rasa kang kepak pitakon

Yagene sliramu musna sajroning werdi

Rinasa ing sajroning tyas

Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung

Tanpa kuwawa bisa entuk jampi


Wos utawi isining geguritan Sliramu nginggil yaiku…

  1. Srawunge mudha-mudhi jaman saiki

  2. Rasa kangen marang pawongan kang wis lunga

  3. Rasa katresnan marang wong kang ora kabendhung

  4. Kasetyaning wong kang tinilar dening pasanganipun

  5. Katresnan ingkang cinidra dening pasangan 


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!


Yen wayah esuk ora bisa ilang

Lumaku turun tumurun kang dadi crita

Cahyaning rembulan lan srengenge dadi seksine

Lelakone manungsa ing donya

Ana kang lali asal muasale

….

Sudut pandang geguritan nginggil yaiku….

  1. Sudut pandang wong kapisan

  2. Sudut pandang wong kapindho

  3. Sudut pandang wong katiga

  4. Sudut pandang wong kapat

  5. Sudut pandang wong kalima


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Yen wayah esuk ora bisa ilang

Lumaku turun tumurun kang dadi crita

Cahyaning rembulan lan srengenge dadi seksine

Lelakone manungsa ing donya

Ana kang lali asal muasale

….

Ukara ing kang ngemot lageyan basa personifikasi yaiku…

  1. Yen wayah esuk ora bisa ilang

  2. Lumaku turun tumurun kang dadi crita

  3. Cahyaning rembulan lan srengenge dadi seksine

  4. Lelakone manungsa ing donya

  5. Ana kang lali asal muasale


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Ibu…

Kula nyuwun pamit

Pamit dhateng kutha

Pados pangupa jiwa


Ibu…

Kula nyuwun sangu

Sangu donga sanes japa matra

Uga sanes sangu arta


Geguritan nginggil ngandhut rasa pangrasa….

  1. Sedhih

  2. Seneng

  3. Nelangsa

  4. Simpati

  5. Kangen

baca juga: Teknik dan Sikap Pranacara yang baik

  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Gumelar jembar bumi asri

Sumunar sumringah sunare bagaskara

Padhang sumilak hanelai jagad nuswantara

Bumi pusaka wis kawentar


Tembung ingkang cinithak kandhel sami tegesipun kaliyan tembung ngandhap..

  1. Kasilep, kondhang, 

  2. Moncer, kasilep

  3. Kasuwur, kondhang

  4. Kagiles, kasuwur

  5. Musna, kendhang


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Ron Garing

Wengi sansaya atis

Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

Kang ginawa dening angin

Prasasat tan kendhat

Anggonku kulak warta adol prungu

Ananging isih mamring

Menawi katiti, gatra gangsal geguritan nginggil ngemot paribasan. Tegesing paribasan kulak warta adol prungu yaiku

  1. Purun tumindhak tanpa wonten prentah

  2. Oleh kabar kang banjur dikandhakake marang liyan

  3. Ninggalake padamelan ingkang dereng ditandangi

  4. Remen  nyebarake pawarta kang dereng mesthi bener

  5. Kathah kang diomongake nanging botenwonten nyatane


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Guru

Jarene  guru iku wong digugu lan ditiru

Jarene guru iku wong wicaksana lan prasaja

Jarene guru iku wong winasis lan seneng buku

Atiku…

Madhep mantep nggayuh marang sliramu

Atiku…

Bakal  temen anggone ngudi ilmu

Atiku…

Tansaya njlerit panjangkaku dadi g-u-r-u


Nada, irama utawa lagu geguritan nginggil yaiku….

  1. Nuturi

  2. Ngenyek

  3. Memuji

  4. Nyemoni

  5. ngguroni


  1. Gatosaken geguritan ngandhap!

Ing  Tengah Wengi

Yen ing tengah wengi

Hana angin kang semliwer

Mandheng bulan purnama sidhi

Ati sangsaya ayem

Kelingan kanikmataning Gusti

Sing tanpa wates paring kawelas asih

Marang makhluk

Sembahipun tanpa wates


Manut cacahing gatra geguritan ngandhap kalebet geguritan…

  1. Gita panca gatra

  2. Gita sad gatra

  3. Gita sapta gatra

  4. Gita hastha gatra

  5. Gita nawa gatra


  1. Gatosaken punggelaning geguritan ngandhap!

Aku lila

Korban jiwa raga kanggo bumiku

Nadyan awak ajur dadi sawur

Lan getihku mlabar mili, netes ing bumi pertiwi

Labet raharjaning Negara

….

Ukara gatra tiga lan sekawan geguritan nginggil ngemot lageyan basa…

  1. metafora

  2. personifikasi

  3. hiperbola

  4. metonimia

  5. sarkasme

  1. Pratelan ngandhap yaiku bab ingkang boten perlu kagatosaken nalika damel geguritan

  1. Nemtokaken undheraning gagasan

  2. Milih tetembungan kang jumbuh karo tema

  3. Milih tetembungan supaya saged kasusun dados  larik kang becik

  4. Naliti malih tetembungan lan majas kang digunakake ing geguritan

  5. Nemtokake paraga kang kacaritakake ing geguritan  kang katulis

  1. Minggah mandhapipun swanten lan pocapan.  Swanten prayoginipun saking padharan

Sanes saking dhadha supados kiyat.

Andharan menika jumbuh kaliyan  bab ngandhap yaiku…

  1. Wicara

  2. Wirama

  3. Wirasa

  4. Wiraga

  5. Winata



Demikian Soal yang kami bagikan. Semoga bermanfaat.

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close