Contoh Soal Ulangan Pawarta Basa Jawa

soal basa jawa, soal kelas X, basa jawa, soal pawarta, soal ulangan, soal PAS, soal PHT, Soal UAS
ambar

Soal Ulangan Pawarta Basa Jawa

Sugeng siang, piye kabare? Enak jamanku, ta?
Pada kesempatan ini kami akan membagikan contoh soal Ulangan bahasa Jawa materi Pawarta.

Pawarta merupakan materi ketiga yang dipelajari siswa dalam pelajaran bahasa Jawa SMA setelah materi pangkur dan cerkak. 

baca juga:  materi cerkak SMA kelas X

Dalam pawarta ini, siswa diharapkan bisa membuat dan membaca teks pawarta dengan baik dan benar. Baik, tak perlu berlama-lama, silakan perhatikan contoh soal ulangan bahasa jawa berikut ini!


Jawaben pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!
Wacanen pawarta iki!

Guru Punika Pancen Kedah Mumpuni 

Kinten-kinten ingkang cekap dados rembagan, utaminipun ing madyaning pendidikan, inggih punika perkawis sertifiksi guru, kanthi ancas boten sanes kangge nemtokaken standarisasi profesinipun guru, ingkang salajengipun ugi kangge nemtokaken standarisasinipun pendidikan nasional kita.Pranyata boten sekedhik cacahipun guru-guru ingkang nalika dipunuji boten lulus.

Sanajan kados menapa kemawon standarisasi pendidikan punika penting sanget. Pramila piyayi  ingkang dados guru kedah saged minangkani standar tartamtu ingkang dipuntemtokake dening Pamarentah, kangge mujudaken pendidikan ingkang mutunipun becik. Jalaran pendidikan pancen sanes barang gampil, pramila boten sedaya piyayi saged dados guru, sanajan malah wonten ingkang kapeksa milih profesi guru amargi gagal pados padamelan ing pundi-pundi papan. 

Mangka satemenipun guru punika mujudaken profesi ingkang kebak tantangan. Ingkang cetha, guru kedah keconggah njalari tiyang boten saged maos lan etang dados saged. Guru ugi kedah saged maringi motivasi dhateng putra siswanipun supados sregep sinau lan dados warga masyarakat ingkang becik. Pancen boten gampil tumrapipun guru ngyakinaken putra siswanipun, menawi kekiyatan tembe wingkingipun gesangipun saperangan ageng badhe gumantung dhateng daya kekiyatan pikiripun. Lan kekiyatan pikiran wau boten dhawah mandhap ngaten kemawon saking langit, nanging kedah lumantar proses sinau ingkang sregep lan dangu. 

Kangge mujudaken sedaya kala wau dipunbetahaken fasilitas sinau ingkang nyekapi. Sebab kados pundi guru saged mucal kanthi becik, lan putra siswanipun saged sinau kanthi taberi, menawi ruwangan sekolahipun (kelasipun) kerendhem banjir utawi payonipun meh ambruk lan tembok-tembokipun sami ambrol? Ateges ing ngriki sarana pendidikan, sasanesipun faktor guru, ugi perlu pikantuk kawigaten ingkang mirunggan.

1. Miturut pawarta kasebut ancas wontenipun sertifikasi guru inggih punika …

a. Nemtokaken standarisasi guru   

b. Supados guru mucalipun kathah 

c. Namung kangge lelamisan     

d. Minangka sarana syarat kemawon

e. Kangge ngindhakaken gaji 

2. Kangge ngindhakaken profesionalisme guru, guru punika kedah purun …, kajawi … 

a. Minangkani standarisasi tinamtu.

b. Maringi motivasi dhateng putra siswanipun.

c. Saged ndadosaken ingkang boten saged dados saged.

d. Tansah ningkataken profesionalismenipun. 

e. Dados guru tinimbang boten wonten padamelan sanesipun 

3. Adhedhasar saking pawarta ing nginggil, wos suraosipun paragraf sepisan inggih punika … 

a. ngindhakaken gaji      

b. standarisasi guru     

c. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan 

d. kapinteran punika baku sanget  

e. dados guru menika pancen angel

4. Ingkang dados wos suraosipun paragraf katiga inggih punika … 

a. ngindhakaken gaji     

b. standarisasi guru     

c. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan 

d. kapinteran baku sanget  

e. dados guru menika pancen angel

5. Ingkang dados tema pawarta ing nginggil inggih punika … 

a. kabudayan    

b. pariwisata    

c. basa 

d. pendidikan 

e. panggesangan

6. Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta lan tha. Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….

a. nggunakake pangucap kang trep

b. pamedhote frasa kang trep

c. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d. ngreteni tandha wacan kanthi trep

e. swara kang cetha

7. Ngatur mandheg lan nerrusake pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….

a. nggunakake pangucap kang trep

b. pamedhote frasa kang trep

c. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep

d. ngreteni tandha wacan kanthi trep

e. swara kang cetha

8. Trap-trapan ngembangake cengkorongan dadi paragraf minangka sepisanan yaiku …. 

a. nemtokake topik/tema

b. nemtokake ancas karangan

c. nglumpukake bahan karangan

d. gawe cengkorongan/kerangka karangan

e. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh

9. Trap-trapan kang ditindakake panulis eksposisi nalika ngrinci lan mithati sakabehe bahan kang diklumpukake yaiku ….

a. nemtokake topik/tema

b. nemtokake ancas karangan

c. nglumpukake bahan karangan

d. gawe cengkorongan/kerangka karangan

e. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh

10. Pathokan panulise eksposisi kaya ing ngisor iki, kajaba ….

a. eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan. 

b. isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos. 

c. gaya eksposisi kudu imajinatif.

d. basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional. 

e. ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi


kunci jawaban

1. a

2. e

3. b

4. c

5. d

6. a

baca juga: soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas XII 

7. b

8. a

9. c

10. c

Demikian contoh soal Ulangan Pawarta basa Jawa. Kami dengan senang hati menerima kritik dan saran anda di kolom komentar.

Terima kasih, Semoga bermanfaat. 

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close