Contoh Pidato Bahasa Jawa Lamaran dan Tunangan Terbaru

ambar
Selamat siang semuanya. Salam hangat dari kami, ambarisna.com. semoga kita semuanya selalu dalam keadaan sehat dan selalu dilindungi Allah Swt. Amiin. 

Pidato atau tanggap wacana atau sesorah merupakan hal pokok yang tidak bisa ditinggal dalam berbagai acara resmi maupun tidak resmi. Nah, pada kesempatan yang baik ini, kami akan membagikan contoh pidato bahasa Jawa Lamaran lan Paningsetan. 
Lamaran adalah salah satu adat pernikahan jawa yang dilaksanakan sebelum acara ijab Kabul. Sedangkan peningsetan adalah tukar cincin, tunangan atau dapat dikatakan sebagai janji awal seseorang sebelum ke jenjang pernikahan. 
PIDATO Lamaran dan paningsetan

Tak perlu berlama-lama, berikut kami sampaikan Contoh Pidato Bahasa Jawa Lamaran lan Paningsetan. 

Contoh Pidato Bahasa Jawa Lamaran lan Tunangan

Assalamu’alaikum Wr. Wb 

Nuwun, sanggyaning para pinisepuh sesepuh ingkang pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri ingkang winengku suka basuki. Mliginipun wonten ngarsanipun Bapak …………… sekaliyan garwa lan gotrah, ingkang sanget kinabekten. 

Kawiwitan saking ngonjukaken sokur wonten ing ngarsaning Gusti murbeng dumadi, ingkang tansah maringi nikmat sehat lan kabagaswarasan. Katitik ing siyang punika kula panjenengan sedaya saged makempal ing ndalem ngriki, boten wonten alangan satunggal punapa. 

Para tamu kakung putri ingkang tansah kinurmatan. Keparenga kula matur ing ngarsa panjenengan sadaya, awit awrat ngemban dhawuhipun Bapa Darjan sekaliyan, kinen dados talanging basa/ pranatacara, nglantaraken titilaksana adicara lamaran ing enjang punika, nun inggih kang putra putri sesilih nimas ayu ……………. 

Dene rantaman adicara lamaran ing ri kalenggan punika:
    1. Sepisan : Pambuka
    2. Kaping kalih : Wedharan lamaran saking kulawarga Bapak Kusnan ingkang dipunsulihi Bapak Hasta
    3. Kaping tiganipun : Waluyan lamaran saking kulawarga Bapak ………. Ingkang dipunsulihi Bapak ......…
    4. Kaping sekawan : Ular-ular/ wursitawara dening Bapak ..........
    5. Kaping gangsal : Sumene sawetawis/ nikmati dhahar siyang
    6. Kaping nenem : Donga/ hastungkara dening Bapak ………
    7. Kaping pitu : Panutup
Bapak ibu saha para tamu sadaya ingkang sanget kula urmati. Mekaten rantaman adicara lamaran ing siyang punika. Salajengipun, sakderengipun acara punika kawiwitan, mangga sareng-sareng manungku puja nyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, murih rancaging adicara ing siyang punika. 
Manungku puja kawiwitan…. Salajengipun ndungkap titilaksana adicara salajengipun nun inggih pangandikan/ wedharan lamaran saking kulawarga Bapak ……………, ingkang badhe dipunsulihi Bapak …………… kasumanggakaken. Nuwun. 

Contoh Pidato Bahasa Jawa Jawaban Lamaran lan Tunangan

Katentreman, karaharjan, saha kawidadan tansah kajiwa kasarira dating kula lan panjenengan sedaya waradin sagung dumadi, amin. 

Nuwun, panjenengan Bapak …………… sekaliyan garwa dalasan brayat agung ingkang kula urmati, kula pun …………… minangka talanging basa …………… sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan. 

Namung saderengipun matur, mangga-mangga ngunjukaken raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, kawilujengan temah kula panjenengan sadaya sesarengan lenggah wonten ndalem ngriki kanthi wilujeng, nirbaya, nirsangsaya. 

Nuwun, panjenenganipun …………… sekaliyan, kula keparenga matur bilih: 

Sepisan
Bapak …………… sekaliyan ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan ing griya ngriki kanthi boten wonten rubeda menapa-menapa. 

Kaping kalih: 
Menggah paringipun salam taklimipun saking Bp …………… sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun Bapak …………… sekaliyan garwa. 

Kaping tiganipun: 
Menggah lamaranipun anak mas YUDI PURNAMA putranipun Bp/ Ibu KUSNAN ingkang ngayunaken nimas ayu MELATI SUKSMA estu damel kejoting/ kageting manah kula, bebasan yayah kajugrugan wukir sari kablabaran samodra madu bombonging manah kula tanpa pepindhan. 

Ngengeti anak kula MELATI SUKSMA menika tebih saking rupi lan ngelmi, pramila ingkang menika panjenenganipun Bapak KUSNAN sekaliyan iklas, menawi putrinipun badhe kadhaup kaliyan nakmas YUDI PURNAMA minangka sigaraning nyawa lan saged gesang sesarengan. 

Matur nuwun ugi sedaya peparingipun tandha sih katresnan ingkang dipunparingaken dhumateng Bapak DARJAN sakrimbit. 

Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan gambuh, tumunten kalajengaken liru kalpika minangka tandha pangiketing raos lahir batin antawisipun nak mas ……………saha nimas ayu …………… Pamuji kula mugi-mugi tetep dados jodhonipun saklami-laminipun. Amin. 

Puput pepuntoning atur, wonten solah bawa, muna muni ingkang boten damel sarjuning penggalih panjenengan, kula ngaturaken santen peresan klapa, nyuwun pangapunten sedaya lepat kula, nuwun. 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 

Nah, demikian tadi contoh Pidato Bahasa Jawa Lamaran lan Paningsetan. Semoga dengan adanya Pidato Bahasa Jawa Lamaran lan Paningsetan, budaya jawa semakin berkembang dan mendunia. 

Maturnuwun, salam. 

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close