Soal bahasa Jawa ini merupakan salah satu contoh soal yang biasa dan bisa digunakan untuk berbagai evaluasi, seperti Ulangan Harian, Ulangan Tengah Semester, Soal PAS, bahkan soal Ujian Sekolah Berstandar Nasional atau USBN.
Soal Bahasa Jawa materi cerita wayang ini dibuat berdasarkan Kompentensi inti dan Kompentensi Dasar. Setelahnya, disesuaikan dengan indikator ketercapaian setiap kompetensi.
Materi yang digunakan, karena ini soal bahasa Jawa untuk siswa SMA/MA/SMK, maka dikhususkan pada materi epos wayang Mahabarata. Berbeda dengan SMP/MTs yang berfokus pada materi Epos Ramayana.
baca juga: Latihan Soal Tembang Sinom Serat Wedhatama
Nah, bisa kalian amati pada contoh soal dibawah ini kami sengaja memberikan jawaban secara langsung agar kita semua bisa berlatih mengerjakan soal ini.
Soal Cerita Wayang Bahasa Jawa Kelas X
I.
Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
- Nalika nonton pagelaran cerita wayang kulit,
saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan sing nyritakake
papan panggonan. Mula saka iku pamirsa bisa ngreteni babagan ....
a. tokoh
b. watak tokoh
c. latar
d. alur
e. pesen/amanat
- Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe
Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging
Bima ora nggresula. Saka cerita kasebut pamireng ngreti yen karep saka cerita
iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing cerita sing
diarani ....
a. tokoh
b. watak tokoh
c. latar
d. alur
e. pesen/amanat
- Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan
Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening
para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak
tanduk lan pakarti sing ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora
neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur cerita wayang sing diarani ....
a. tokoh
b. watak tokoh
c. latar
d. alur
e. pesen/amanat
- Sasuwene ngrungokake cerita wayang ing radhio
utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya sing sesirih ana ing
satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta,
umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur sing kamot ing lelakon iku yaiku
....
a. satriya kudu wani perang
b. wong sing bakal mulya gedhe pacobane
c. ing alas iku panggonane bebaya
d. buta duwe watak seneng ganggu gawe
e. aja seneng mapan ing papan sepi
- Ing cerita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang
antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa.
Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa sing cacah satus.
Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak
kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur sing kamot
sajronng cerita iku yen diparibasakake yaiku ....
a. ing ngarsa sung tuladha
b. teteken tekun bakal ketekan
c. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
e. becik ketitik ala ketara
Rungokna cerita
wayang ing ngisor iki!
Perhatikan cerita Wayang di bawah ini!
Pandu Jumeneng Nata
ing Hastinapura
(Pandu menjadi Raja di Hastinapura)
Negara Hastinapura
kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe
Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura
digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake
keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan.
Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah
weliding pedhang lan sanjata.
Nanging sing jumeneng
nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe
cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata
Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke
nglenggana nduwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad.
Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake
swasana sing ora becik.
Dhestarastra krama
karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara
Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri
loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu
Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti
wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi
Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara
Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo
Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana
(Sunjaya).
- Paraga utama ing cerita kasebut yaiku ....
a. Prabu Pandu
b. Prabu Sengku
c. Arjuna
d. Prabu Matswapati
e. Prabu Salya
- Latar cerita iku yaiku ....
a. Mandarakab. Suwalac. Hastinapurad. Gandarae. Dewaka
- Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....
a. Kurawa
b. Pandawa
c. Sunjaya lan Wiyansampana
d. Yudhistira, Bima, lan Arjuna
e. Nakula lan Sadewa
- Undherane cerita sing jumeneng nata Hastinapura
yaiku ....
a. Prabu Pandub. Prabu Dhestarastac. Widurad. Prabu Matswapatie. Prabu Salya
- Saka cerita iku, miturut tata aturan ing
sajroning karaton sing gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang Nata.
Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang
kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur sing becik yaiku ....
a. aja rebutan panguwasa
b. nglenggana marang kekurangane
c. negara sing adiluhung
d. ngalah dhuwur wekasane
e. nandur bakal ngundhuh
- Rungokna cerita wayang sing diwaos dening Bapak utawa Ibu guru iki! (dengarkan cerita yang dibaca oleh guru ini!)
PANDAWA LAN
KURAWA MEGURU DURNA
(PANDAWA DAN KURAWA BERGURU DURNA)
Sumber: wayang.wordpress.com
Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa, sabanjure meguru marang Begawan Durna, ipenipun Krepa. Caritane mangkene.
(Setelah pandawa dan kurawa berguru kepada begawan Krepa, kemudian berguru kepada begawan Durna, iparnya Begawa Krepa. begini ceritanya).Begawan Durna iku putrane Resi Baratwaja. Sawijining wektu Durna karo putrane sing namane Aswatama tumuju menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, sing saiki jumeneng nata ing Pancala. Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku bakal nemoni ipene Krepa Gajahoya.
(Begawan Durna merupakan putra Resi Baratwaja. Suatu ketika Durna bersama putranya Aswatama menuju negara Pancala akan bertemu temannya bernama Sucitra, yang menjadi raja negara Pancala. Durna tidak sambut baik dan dianiaya oleh Patih Gandamana sampai badannya rusak. Dengan sakit hati, Durna kemudian melanjutkan perjalanan untuk bertemu iparnya Krepa Gajahoya.)Ing samadyaning laku
kepanggih karo Pandawa lan Kurawa sing lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan.
Ndilalah bal sing dingo dolanan kecegur sumur, lan ora ana sing wani njupuk.
Kanthi pitulange Durna, bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang. Para
Pandawa lan Kurawa padha kaget lan ngalembana kasektene Durna. Bab iku
diaturake marang Bisma. Mireng atur iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi
golek guru sing linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi
Pandawa lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.
Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wis pinter ora
kena nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung
Arjuna dhewe sing nyaguhi.
Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa
wae, semono uga bab sing sinandi. Bima lan
Duryudana prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang.
Yudhistira prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi
(obat-obatan), Arjuna prigel jemparing. Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima
tandhing yuda karo Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh
padha digdayane.
Sawijining dina Durna kepengin males lara atine marang Sucitra sing rikala
semana gawe serik atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Sucitra minangka tandha bektine marang Guru. Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa
dikalahake. Genti para Pandawa sing nyerang, wusanane Sucitra isa dirangket urip
dening Arjuna, sing sabanjure dipasrahake marang Durna. Gandheng Sucitra kalah,
Nagara Pancala separo sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Sucitra.
Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura.
Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira sing awatak adil lan utama,
mula bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.
2. Sebutna paraga lan watake ing cerita wayang iku!(2. Sebutkan tokoh dan penokohan dari cerita wayang tersebut!)
3. Andharna wosing cerita wayang ing ndhuwur!(3. Sampaikan isi cerita wayng tersebut di atas!)
4. Wedharna pitutur luhur apa sing bisa kapethik saka cerita wayang iku!(4. Jelaskan amanat yang bisa diambil dari cerita wayang tersebut!)
5. Damela sinopsis cerita wayang kasebut!