Selamat siang semuanya. Salam hangat dari kami, ambarisna.com. Semoga kita semuanya selalu dalam keadaan sehat dan selalu dilindungi Allah Swt. Amiin.
Setelah sebelumnya kami
membagikan contoh pidato bahasa Jawa pasrah,
pada kesempatan yang baik ini, kami akan membagikan kelanjutan dari pidato
tersebut, yakni Pidato Bahasa Jawa Atur Panampi Temanten Kakung atau penerimaan
calon manten pria oleh pihak besan dari manten putri untuk segera dinikahkan
dengan manten putri.
Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Temanten Kakung ini disampaikan oleh pihak besan perempuan. Orang yang menerima tersebut, bisa dari orangtua kandung temanten, atau bisa juga diwakilkan. Ini tidak terikat, tergantung bagaimana kesepakatan keluarga.
Nah, silakan cermati pidato Panampi
Temanten Kakung berikut.
Tuladha Pidato Atur Panampi Temanten Kakung
Kawula nuwun.
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para tamu kakung sumawana putri, kadang mudha-mudhi ingkang satuhu kula tresnani, mliginipun Bp. ... sakulawangsa mangka duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang dahat sinudarsana.
Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung hawit kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngirangi tata trapsila, hawit hangengeti papan saha kawontenan ingkang mekaten, kepeksa kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan.
Panjenenganipun Bp. ... (asmanipun ingkang masrahaken) kula minangka sulih sarira Bp. ... sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp. ... sekaliyan nembe ngraosaken bombong mongkog ing penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Langkung rumiyin Bp. ... sekaliyan ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhateng Bp. ... sekaliyan, kathithik ing wekdal punika Bp. ... sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan.
Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp. ... sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng dhumateng karawuhan panjenengan sedaya ingkang sampun kanthi rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana palakrama saking dalem dumugining wisma ... punika.
Kaping tiganipun, sampun dipuntampi atur salam taklimipun Bp. ... sekaliyan ingkang lumantar panjenengan Bp. ... (ingkang ngaturaken pasrahan). Semanten ugi Bp. ... sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur ngarsanipun Bp/Ibu ... kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana.
Kaping sekawan, Bp. ... sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp. ... sekaliyan kersa hangenthengaken bot karepotanipun Bp. ... ingkang punika pasrahing temanten kakung dipuntampi kanthi suka renanning penggalih. Mbok bilih kula sedayanipun sampun samekta ing gati sri penganten kekalih tumunten badhe kadhaupaken.
Mawantu-wantu panuwunipun Bp. ... sekaliyan mugi panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi mirunggan ngantos paripurnaning gati.
Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih. Kula tansah mawnatu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Demikian tadi Pidato Bahasa Jawa Atur Tampi Mempelai Pria. Untuk contoh lainnya bisa mengunjungi, kawan kawan semua bisa menjelejahi ini atau melalui situs broonet.com. Semoga dengan adanya Pidato Bahasa Jawa Atur Pasrah Tampi Mempelai Pria ini, budaya jawa semakin berkembang dan mendunia.
Maturnuwun, salam.