1. Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama
Pitutur luhur saking carios nginggil yaiku….
A. Memungsuhan kaliyan kadang piyambak
B. Suka bingah menawi pikantuk kabegjan
C. Remen nuduhake kasagedan dhateng tiyang
D. Gumedhe amarga nggadhai kasagedan linuwih
E. Sageda males kabecikan dhateng tiyang sanes
2. Gatosaken pratelan ngandhap!
1. Mbudidaya njlentrehake satunggaling bab
2. Gaya panulisan asipat informative
3. Panulisan adhedhasar fakta utawi kahanan nyata
4. Migunakake basa ingkang baku
5. Paring gegambaran ngenani satunggaling kahanan
Pratelan minangka titikan wacan Wedharan yaiku ….
A. 2, 3, 4, 5
B. 1, 2, 3, 4
C. 2, 3, 4, 5
D. 1, 3, 4, 5
E. 1, 2, 4, 5
3. Manut kapercayaane wong Jawa ruwatan Murwakala iki dianakake mligi kanggo bocah sukerta. Bocah sukerta kudu diruwat supaya uripe mulya lan bisa bebas saka kakuwtan kang asipat ala ing sakupenge awak.
Pratelan ngandhap kalebet jeneng bocah sukerta ingkang trep, kejawi….
A. Bocah ontang-anting: lare jaler mung setunggal
B. Bocah kembang sepasang: lare kalih jaler lan estri
C. Bocah pandhawa: lare gangsal jaler sedaya
D. Bocah pancuran kapit sendhang: lare tiga kalih estri jaler setunggal mapan ing tengah
E. Bocah sendhang kapit pancuran: lare tiga jaler kalih estri setunggal mapan ing tengah
4. Para leluhur anggenipun paring wewaler lan gugon tuhon dhateng putra wayah kanthi cara gethok tular.
Tembung gethok tular nggadhahi teges….
A. Sumebare perkara kanthi cara sesidheman.
B. Sumebare kanthi cara diwartakake wujud tinulis.
C. Sumebar kanthi lisan saking setunggal tiyang dhateng tiyang sanesipun
D. Sumebare kanthi diwujudake tontonan ing satengahing masyarakat
E. Sumebar kanthi cara ditulis saking tiyang setunggal lan setunggalipun
5. Tumraping tiyang ingkang manggen sangandhaping Gunung Dieng, menawa wonten lare gimbal anggenipun nyukur boten kenging sakajeng piyambak, nanging kedah kanthi upacara adat. Menapa ingkang dados pepenginan are gimbal wau kedah katuriti saengga rambut gimbal ingkang sampun kacuur boten tuwuh malih.
Kapitayan kados ingkang kaserat ing wacan nginggi kalebet jinising gugon tuhon….
A. Salugu
B. Cangkriman
C. Wewaler
D. Pepacuh
E. Isi wasita sinandhi
6. Ing adhicara siraman penganten, tiyang ingkang dereng nate mantu boten pareng ndherek nyirami penganten..
Gugon tuhon menika wonten kanthi lelandhesan ingkang tinemu nalar yaiku….
A. Tiyang ingkang dereng nate mantu boten mangertosi tata cara nyiram kanthi leres
B. Larangan amargi mangke putrane boten saged pukantuk jodho
C. Tiyang ingkang sampun nate mantu langkung kathah pengalamanipun
D. Tiyang ingkang sampun nate mantu saged dados sesepuh ingkang diurmati.
E. Menawi kasiram dening tiyang ingkang taksih timur saged nyebabake jejodhowane boten langgeng
7. “ Aja lungguh, ngadeg, utawa ndhondhok ing tengah lawang mundhak adoh jodhone”
Babagan kasebut kalebet gugon tuhon….
A. Wewaler
B. Salugu
C. Pepacuh
D. cangkriman
E. isi wasita sinandhi
8. Nalika adhik kula nglenggahi bantal simbah ngendika “ Aja nglungguhi bantal, ora ilok mundhak wudunen”. Tembung “ora ilok” nggadhahi teges….
A. Kedah katindakake
B. Kedah kapercaya
C. Minangka peprentah
D. Boten pareng
E. Pitutur becik
9. Ukara ngandhap ingkang boten kalebet wewaler yaiku….
A. Mangan aja karo turon, mundhak kaya ula.
B. Yen lelungan ing Parangtritis aja nganggo klambi warna ijo.
C. Yen nyapu aja mandheg tengah dalan, mundhak gegayuhane ora klakon.
D. Mangan iku aja disangga, mundhak nyangga susahe wong akeh.
E. Yen mangan iku ora perlu ngombe, mengko mundhak kekarepane ora klakon.
10.
Ipat-Ipate Sunan Mangkurat
Nalika sunan Mangkura gerah santer ing Ajibarang, mundhut degan dhateng Pangeran Adipati Anom. Pangeran Adipati dhawuh marang abdine ngundhuh degan nuli dicaosake wis parasa, banjur diobong pisan. Sunan semu runtik ngendika mangkene “ Thole, taktrima banget anggonmu aweh degan. Nanging gandheng wis parasan, kuwi ateges kowe nggege mangsa. Ya ta, mangsa wurunga kowe gumanti nata, nanging mbok aja kesusu. Ing mburi turnku ora bisa nutugake lelakonku. Karo maneh saturun-turunmu aja ana sing nyadran menyang kuburku
Katiti saking surasane, wacan kasebut ngemot gugon tuhon yaiku…
A. Gugon tuhon salugu
B. Gugon tuhon cangkriman
C. Gugon tuhon pepacuh
D. Gugon tuhon isi wasita sinandhi
E. Gugon tuhon wewaler
11.
Ipat-Ipate Sunan Mangkurat
Nalika sunan Mangkura gerah santer ing Ajibarang, mundhut degan dhateng Pangeran Adipati Anom. Pangeran Adipati dhawuh marang abdine ngundhuh degan nuli dicaosake wis parasa, banjur diobong pisan. Sunan semu runtik ngendika mangkene “ Thole, taktrima banget anggonmu aweh degan. Nanging gandheng wis parasan, kuwi ateges kowe nggege mangsa. Ya ta, mangsa wurunga kowe gumanti nata, nanging mbok aja kesusu. Ing mburi turnku ora bisa nutugake lelakonku. Karo maneh saturun-turunmu aja ana sing nyadran menyang kuburku
Bab ing ngandhap minangka larangan saking Sunan Mangkurat kangge anak turune tiyang Ajibarang yaiku….
A. Boten kenging nandur degan
B. Aja seneng ngunjuk degan
C. Boten pareng nyadran ing pasareyan Sunan mangkurat
D. Tiyang Ajibarang boten pareng ngunjuk degan kang sampun kaparas
E. Tiyang Ajibarang kedah nyadran ing pasareyaning Sunan Mangkurat
12.
Ipat-Ipate Sunan Mangkurat
Nalika sunan Mangkura gerah santer ing Ajibarang, mundhut degan dhateng Pangeran Adipati Anom. Pangeran Adipati dhawuh marang abdine ngundhuh degan nuli dicaosake wis parasan, banjur diobong pisan. Sunan semu runtik ngendika mangkene “ Thole, taktrima banget anggonmu aweh degan. Nanging gandheng wis parasan, kuwi ateges kowe nggege mangsa. Ya ta, mangsa wurunga kowe gumanti nata, nanging mbok aja kesusu. Ing mburi turunku ora bisa nutugake lelakonku. Karo maneh saturun-turunmu aja ana sing nyadran menyang kuburku
Pitutur luhur ingkang wonten ing wacan nginggil yaiku….
A. Sampun sami remen ngunjuk degan.
B. Tiyang enem kedah saged tumindak becik.
C. Sampun sumelang menawi nggadhahi gegayuhan.
D. Samubarang tumindak boten pareng kesesa
E. Tiyang enem kedah saged ngurmati tiyang sepuh.
13. “ Thole, taktrima banget anggonmu aweh degan. Nanging gandheng wis parasan, kuwi ateges kowe nggege mangsa.
Tembung nggege mangsa ing ukara kasebut nggadhahi teges….
A. Tumindak saderenging wekdalipun
B. Nindakake pakaryan nanging sampun telat
C. Makarya ing wektu kang dibutuhake
D. Nindakake pakaryan ing wektu kang pas
E. Makarya kang mbutuhake kathah wekdal
14. Ing mburi turunku ora bisa nutugake lelakonku. Karo maneh saturun-turunmu aja ana sing nyadran menyang kuburku
Nyadran miturut tiyang Jawi yaiku…
A. Tradisi kanggo ngurmati para leluhur ing wulan Ruwah, kanthi ngresiki pasareyane para leluhur
B. Minangka tradisi pengetan Maulid Nabi ingkang kawontenaken ing kraton Surakarta lan Yogyakarta
C. Pengetan ganti taun kang diwontenaken kanthi tujuan supaya pikantuk katentreman batos lan kaslametan
D. Upacara tradisi ingkang kawontenaken ing Yogyakarta minang wujud rasa syukur marang Gusti kanthi ngedalaken gunungan/tumpeng
E. Tradisi ingkang kawontenaken kangge mapag sasi pasa ramadhan ingkang kawontenaken ing kitha Semarang
15. Titi sastra ingkang ginanipun kangge tetenger minangka pungkasaning ukara lan pada yaiku…
A. Pada adeg-adeg
B. Pada lingsa
C. Pada lungsi
D. Pada pangkat
E. Pada rangkep
16. Titi sastra ingkang kaginakaken miwiti panyerating layang utawi serat kangge tiyang ingkang langkung sepuh utawi inggil drajatipun yaiku….
A. Pada andhap
B. Pada madya
C. Pada guru
D. Pada luhur
E. Pada pancake
A. Galih lair ing Sragen 9 April 1999
B. Galuh lair ing Semarang 9 April 1998
C. Galuh lair ing Sragen 8 April 1998
D. Galuh lair ing Semarang 9 April 1999
E. Galoh lair ing Sragen 9 April 1998