1. Gatosaken cakepan tembang ing ngandhap menika!
mangkono ngèlmu kang nyata
sanyatane mung wèh rêsêping ati
bungah ingaranan cubluk
sukèng tyas yèn dèn ina
nora kaya si punggung anggung gumunggung
ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
Piwulang saking tembang macapat kasebut inggih punika ....
A. Kedah sinau ingkang patut lan ugi nerapaken ilmu punika kangge dhiri pribadhi.
B. Tiyang ingkang bodho padatan langkung kathah omong.
C. Kedah nuladha tiyang pinter kang saged ngalah lan purun nutupi salahe tiyang sanes.
D. Kedah gadhah ilmu kang saged damel ati tentrem, nebihi sipat gumedhe lan remen dipangalembana.
E. kedah dados tiyang ingkang saged ngrumangsani kaluputane piyambak.
Buka/Tutup Pembahasan
D. Kedah gadhah ilmu kang saged damel ati tentrem, nebihi sipat gumedhe lan remen dipangalembana.
2. Wacan kangge mangsuli pitaken angka 2.
“No, Darno! Reneya!”
Sakala aku mlengak. Pas
olehku lengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku.
Sajakke ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani Kang Parman.
“iki lho leren sik. Aku
mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik.”
Sumeh, grapyak semanak,
lan esemme sing ngatonake untu ginsule, sak weuhku ora tau copot saka lageyane
Kang Parman. Aku dijak munggah gubugge. Banjur bontote, tela godhog sidng
dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol akua, didhasarke ing
amben-ambenan gubug.
Piwulang kang kandhut ing pethilan cerkak kasebut inggih punika ....
A. Rukun kaliyan kanca.
B. Congkrah klawan tiyang sanes.
C. Paring tetedhan dhateng tiyang ingkang keluwen.
D. Ngrasani tiyang sanes.
E. Pamrih dhateng tiyaang sanes.
Buka/Tutup Pembahasan
A. Rukun kaliyan kanca.
3. Gatekna Wacan Jawa ing ngisor iki.
WEDANG SECANG
...........
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk
getih (TBC), tatu sing nemen, sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan
nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu secang ngandhut asam galat tanin,
resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene, ascimene, minyak atsiri
sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah, penawar racun, lan
antiseptik.
Carane
gawe minuman sekang secang, njukut kayu secang sacukupe, ditambah gula pasir,
sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau ditutu (diselip) dadi siji
banjur diperes lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Nek wis adhem
diwadhahi nang botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba
kanggo sirup, secang bisa ngobati pirang-pirang penyakit.
Surasa/isi pawarta wonten nginggil inggih menika....
A. Gunane kayu secang
B. Khasiat wedang secang
C. Wedang secang kangge obat
D. Ngicalake penyakit TBC
E. Njagi kasarasan
Buka/Tutup Pembahasan
A. Gunane kayu secang
4. Gatekna Wacan Jawa ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 4! Yen omah Joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional kasusun saka pirang-pirang bagean kadya pendhapa, pringgitan lan uga omah dalem/omah njero. Pendhapa yaiku bagean omah Joglo umume digunakake kanggo nampa tamu. Pendhapa mapane ana ing ngarepan lan ora ana pagere. Iki duweni teges yen wong Jawa iku ramah la ora milih-milih tamu. Saliyane iku pendhapa biasane ora ana kursine. Kang ateges antarane tamu lan sing kagungan omah derajate padha.
Dene pringgitan dadi simbul yen sing kagungan omah mung wayang. Ora mung ngandhut simbul lan filosofi kag adiluhung, omah joglo uga omah kang “tahan gempa”.Dene, pringgitan iku bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luweh raket, ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Omah ndalem utawa omah njero papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-pirang kamar utawa senthong, yaiku tengah, tengen, lan kiwa.
Bageyan omah Joglo kang umume digunakake kanggo nampa tamu yaiku…
A. Pringitan
B. Senthong kiwa
C. Senthong tengen
D. Senthong tengah
E. Pendhapa
Buka/Tutup Pembahasan
E. Pendhapa
5. Ruwangan ingkang jembar tanpa sekat-sekat, dipunginakaken kangge nampi tamu utawi ruwang kangge dolanan lare-lare. Papan kangge kumpul kaluwarga. Wujude pesagi lan kagungan sekawan tiyang (saka guru) ing tengah-tengah.
Andharan ing nginggil kaemot nilai nilai luhur, inggih menika ....
A. Sosial
B. Estetika
C. Etika
D. Ekonomi
E. Religi
Buka/Tutup Pembahasan
B. Estetika
6.Saka ukara ing dhuwur, tembung kang nggunakake sandhangan manda swara yaiku…
A. B. C. D. E.
Buka/Tutup Pembahasan
Jawaban C
7. Sekar macapat Sinom
Nuladha laku utama
Tumprape wong tanah Jawi
Wong agung ing
ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kapati amarsudi
Sudane hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi
ing siyang ratri
Hamemangun karyenak tyas
ing sasama
Piwulang saking cakepan tembang sinom wonten inggil inggih menika ...
A. Remen tetulung supados saged urip bagya mulya.
B. Ampun remen ngrasani tiyang sanes kersane mboten nglarani ati.
C. Tansah prihatin, nyuda hawa nepsu kersane saged nggayuh katentreman ati dhateng sasami.
D. Remen prihatin nalika wayah siyang an dalu kangge nggayuh kasarasan.
E. Tansah prihatin, nyuda hawa dhahar lan sare kangge nggayuh kamulyan.
Buka/Tutup Pembahasan
C. Tansah prihatin, nyuda hawa nepsu kersane saged nggayuh katentreman ati dhateng sasami.
8. Gatosaken pethilan crita wayang ing ngandhap menika !
Bima
Bungkus
Miyosipun Bima putra kaping kalih saking prabu Pandhu lan
dewi Kunthi ingkang awujud wungkusan. Boten wonten senjata kang saged mbikak
wungkusan kasebat. Kurawa ugi ndherek badhe mbikak wungkusan menika amung badhe
nyirnaaken sang Bima, ananging boten saged lan muspra. Begawan
Abiyasa sak ing
wisiking Dewa , mbu cal wungkusan Bima te ng alas krendawahana.
Bhataraguru ng e ngk e n
Gajahsena mb i kak
wungkusan ,
sa sampune
Dewi Umayi glad h i
kak iata n
dening Bima lan peparing kuku pancanaka .
Gajahsena mbukak wungkusan
menika,
s esampune
Bima m i y os sak ing
wungkusan Bima kage t
lajeng mbanting Gajahsena , jasad ipun G ajahsena sirna, roh lan kakiyatan
nyawiji ragan ipun
Bima.
Pitutur ingkang saged dipundhut saking pethilan crita Bima bungkus nginggil inggih menika....
A. Ampun tumindak serik dhateng liyan
B. Ampun nggadahi praduga boten becik
C. Ketresnan dhateng sesami
D. Ampun lelamisan dhateng sesami
E. Sapa nandur bakal ngundhuh
Buka/Tutup Pembahasan
D. Ampun lelamisan dhateng sesami
9. Kula minangka sesulih saking pamangku gati , Bapa Kurniawan sakulawarga, nyuwun pangapunten bilih kathah kekirangan...
Tembung ingkang kacithak kandel anggadhahi teges ...
A. Para rawuh
B. Kang kagungan hajat
C. Seserahan
D. Penganten
E. Kang amakili
Buka/Tutup Pembahasan
B. Kang kagungan hajat
10. Gatosaken gambar ing ngandhap menika! Ukara dheskripsi kangge gambar ing dhuwur, inggih menika ….
A. Panganan iki wernane soklat, brongkalan lan kagawe saka pohung garing.
B. Panganan iki wernane soklat, alus, lan digawe saka pohung kang digiling.
C. Panganan iki wernane putih, ing tengahe ana gulane lan digawe saka glepung ketan.
D. Panganan iki wernane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe saka glepung ketan.
E. Panganan iki wernane abang, bunder, ing tengahe ana irisan gedhange lan digawe saka pohung.
Buka/Tutup Pembahasan
D. Panganan iki wernane ijo, bunder, ing tengahe ana gulane lan digawe saka glepung ketan.