Gladhen Soal Wulangan 3 Kelas 10 SMA/SMK

ambar
Soal Latihan

TRYOUT TIU SILOGISME

1. Nalika nonton pagelaran cerita wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan sing nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamirsa bisa ngreteni babagan ....

A. Tokoh
B. alur
C. watak tokoh
D. pesen/amanat
E. latar

2. Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka cerita kasebut pamireng ngreti yen karep saka cerita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing cerita sing diarani ....

A. tokoh
B. alur
C. watak tokoh
D. pesen/amanat
E. latar

3. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur cerita wayang sing diarani ....

A. tokoh
B. alur
C. watak tokoh
D. pesen/amanat
E. latar

4. Sasuwene ngrungokake cerita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya sing sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur sing kamot ing lelakon iku yaiku ....

A. satriya kudu wani perang
B. wong sing bakal mulya gedhe pacobane
C. ing alas iku panggonane bebaya
D. buta duwe watak seneng ganggu gawe
E. aja seneng mapan ing papan sepi

5. Ing cerita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa sing cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur sing kamot sajronng cerita iku yen diparibasakake yaiku ....

A. ing ngarsa sung tuladha
B. teteken tekun bakal ketekan
C. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
D. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
E. becik ketitik ala ketara
Gatekna cerita wayang ing ngisor iki!
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata.

Nanging sing jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana duwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake swasana sing ora becik.

Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).

6. Paraga utama ing cerita kasebut yaiku ....

A. Prabu Pandu
B. Prabu Matswapati
C. Prabu Dhestarasta
D. Prabu Salya
E. Widura

7. Latar papan cerita iku yaiku ....

A. Mandaraka
B. Gandara
C. Suwala
D. Dewaka
E. Hastinapura

8. Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....

A. Kurawa
B. Pandawa lan Karna
C. Sunjaya lan Wiyansampana
D. Yudhistira, Bima, lan Arjuna
E. Nakula lan Sadewa

9. Undherane cerita sing jumeneng nata Hastinapura yaiku ....

A. Prabu Pandu
B. Prabu Matswapati
C. Prabu Dhestarasta
D. Prabu Salya
E. Widura

10. Saka cerita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton sing gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur sing becik yaiku ....

A. aja rebutan panguwasa
B. nglengana marang kekurangane
C. negara sing adiluhung
D. ngalah dhuwur wekasane
E. nandur bakal ngundhuh

 

Lihat Kunci Jawaban:
q1: 'e', q2: 'd', q3: 'c', q4: 'b', q5: 'e', q6: 'a', q7: 'e', q8: 'd', q9: 'a', q10: 'b',

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close