Soal Bahasa Jawa K13 SMA Kelas X Semester Ganjil.

ambar
Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa ini merupakan kegiatan pembelajaran Bahasa Jawa yang mencakup lingkup materi dan kompetensi minimal untuk mencapai standar kompetensi lulusan (SKL) yang ditetapkan melalui Permendikbud Nomor 54 Tahun 2013.

Oleh karena itu bagi sekolah/madrasah yang ingin menambah kompetensi dasar sebagai pengayaan dan dipandang sebagai kebutuhan dalam rangka meningkatkan kompetensi siswa dapat dilakukan oleh satuan pendidikan sesuai dengan tingkat perkembangan siswa.
Muatan Lokal Bahasa Jawa kurikulum 2013 dikembangkan dengan menganalisis serta melihat tantangan internal dan eksternal saat ini. Tantangan internal terkait dengan tuntutan pendidikan yang mengacu kepada 8 Standar Nasional Pendidikan.

Berikut kami sampaikan contoh soal  Bahasa Jawa kurikulum 2013 kelas X semester ganjil.

I.              Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan A, B, C, D, atau E!

 

Mulok Basa Jawa Perlu Dievaluasi

Nasib basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara latin ing titi wanci iki pancen sansaya bubrah. Pilihane tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki mung ana loro. Pilihane, melu nut bubrahe basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara latin utawa ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara latin kuwi tetep nut ing paramasastra.

Yen ta pilihane sing kapindho, mula pamulangan basa Jawa kudu diwiwiti nalika bocah ajar ngomong, nalika bocah mlebu Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD), Taman Kanak-kanak (TK), lan SD. Sing wigati dhewe, kudune basa Jawa digunakake minangka basa panglantar ing TK lan SD kelas I – III saben dina.

“Sabanjure, ing kelas IV – VI bisa sinau paramasastra, geguritan lan liyane”, piterange Supardjo. Kanthi mantha pamulangan basa Jawa sithik mbaka sithik, bocah bisa luwih tumemen jaman saiki, ora mung saklebat, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa.

Kajaba kurikulum, mutu guru basa Jawa uga kudu didandani. Nalika Pemerintah Provinsi (Pemprov) Jawa Tengah (nalika kuwi gubernure Mardiyanto) netepake aturan sing majibake kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah kudu mulangake basa Jawa, akeh pawiyatan luhur sing mbukak Jurusan Pendidikan Basa Jawa. Ananging, iku kabeh ora limbaran kabisan utawa kompetensi.

Dosen Linguistik ing Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Yohannes Suwanto, mratelakake buku-buku sing kaanggep dadi sumber pamulangan basa Jawa sing saiki mratah ing madyaning bebrayan agung Jawa uga kudu didandani. Sapa wae sing mbabar buku-buku sing dianggep dadi sumber pamulangan basa Jawa kudu duwe rasa tanggung jawab. “Aja mung waton mbabar buku. Editor buku-buku basa Jawa kudu ngerti temen-temen bab tata basa, paramasastra, ejaan, lan sapiturute. Aja mung mbabar buku jajaran ngajab bathi sakakeh-akehe kang kawusanane malah ngrusak basa Jawa,” pratelane Suwanto.

Kajaba kuwi, Suwanto mrayogakake lamun ana sing mbabar buku lan kamus basa Jawa apike kudu mepaki buku-buku kuwi kanthi pandom utawa tuntunan carane ngucapake, carane nulis lan sapiturute.

“Tandha diakritik apike diuripake lan digunakake maneh ing panulisan basa Jawa ing aksara latin. Pamrihe supaya bisa dadi pandom cara maca sing bener lan pener,” Suwanto nandhesake panemune.

         

          Kapethik saka:http://solopos.com,

          Kaunduh 15 Oktober 2012

Wacan ing dhuwur kanggo mangsuli pitakon no 1-8

1.             Paragraf sepisan wacan ing dhuwur pokok pikirane ngenani bab....

a.    Generasi mudha wis ora ngerti basa Jawa.

b.    Nasib basa lan ejaan basa Jawa saiki sansaya bubrah.

c.    Basa Jawa nut ing paramasastra.

d.    Aksara Jawa lan aksara latin dipadhakake.

e.    Basa Jawa wajib diwulangake ing kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah.

2.             Tembung nut ana ing ukara nomer 2 lan 3 paragraf sepisan tembung liyane ....

a.    Nurut                                                              d.  Eling

b.    Katut                                                               e.  Tutut

c.    Nunut

3.             Paragraf katelu ana tembung paramasastra. Tembung liyane paramasastra yaiku ....

a.    Kawruh kasusastran                                       d.  Tata sastra

b.    Kawruh sapala                                                e.  Tata basa

c.    Tata wicara

4.             ‘ ... paramasastra sing bener lan pener” tegese ....

a.    Bener miturut wewaton lan pener miturut situasine wektu nganggo basa

b.    Bener miturut situasine wektu nganggo basa lan pener miturut wewatone

c.    Bener amarga nganggo basa krama lan pener amarga bener

d.    Bener miturut situasi lan kondisi pener miturut para ahli

e.     Bener miturut udha usuk basa Jawa


untuk lebih lengkapnya, silakan dowload di sini

jika link tidak bisa dibuka, silakan tinggalkan komentar untuk perbaikan.


10 komentar

  1. makasih Gan. lumayan buat bank soal saya.
  2. Linknya rusak, Mas.
  3. Sudah Kak. Silakan..
  4. udah lama banget nggak belajar bahasa jawa di sekolah. ternyata berguna juga :)
  5. Mkasih Kak. Bermanfaat bagi saya
  6. Untuk kunci jawabannya ada?
    1. Maaf, Kak. Kunci jawaban untuk soal ini belum tersedia. Silakan akses soal lain untuk mendapatkan jawabannya, Kak.
  7. Untuk kunci jawaban ada?
  8. Kunci jawabannya please buat nyocokin jawabanku salah atau bener
  9. Kak kunci jawabannya apa buat koreksi jawabanku ini
Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close