Teks Ekposisi Tentang Gamelan Jawa

ambar


Sugeng dalu para kadang. Pada kesempatan baik ini, kami akan membagikan artikel yang berisi tentang contoh teks eksposisi Gamelan. Berikut artikelnya.

Contoh Teks Ekposisi Tentang Gamelan Jawa

Karawitan lan Gamelan: Bab sing Ora Bisa Pisah

Karawitan dumadi saka tembut rawit, oleh ater-ater ka- lan panambang –an. Miturut kamus bausasatra anggitane W.J.S Poerwadarminta (kabantu C.S. Hardjasoedarmo, J. Chr. Poejasoedira) nduweni teges sarwa alus, lembut, remit. Yen diterjemahke, karawitan nduweni arti kumpulan maneka warna samubarang sing alus, endah lan remit.

  baca juga: Kumpulan Latihan Soal UAS Semester 1 Kelas XII SMA

Karawitan iku minangka salah sawijining kesenian asli saka Indonesia. Miturut asale, karawitan kabagi dadi Karawitan Jawa, Karawitan Bali lan Karawitan Sunda. 

Ing jaman saiki, kesenian karawitan rada angel ditemoni. Mergane, kesenian karawitan kaanggep kuna lan ora praktis kaya kesenian modern. Senajan mengkono, isih ana saperangan dhaerah sing puguh nyengkuyung lan ngrembakake seni karawitan iki. Malah kepara Negara-negara amerika lan eropa padha nyianoni seni tradisional iki.

Dhaerah sing isih nyengkuyung seni karawitan kaya ta Semarang, Solo, Yogyakarta lan sapanunggalane.

Ing semarang, seni karawitan biasa tampil nalika nyengkuyung acara wayang wong sing dianakake ing Taman Budaya Raden Saleh. Dene ing solo lan Yogyakarta  biasane seni karawitan dipentasake nalika upacara adat lan adicara grebeg.

Tembung karawitan ora bisa dipisahake karo tembung gamelan. Mergane, bab loro iki kaya-kaya wis nyawiji. Wong kadang nyebut nggamel kanthi sebutan ngrawit.

Gamelan iku sejatine alat musik tetabuhan. Tembung linggane yaiku gamel, tegese tabuh. Isi saka gamelan awujud saperangkat alat musik kanggo ngiringi tembang, utawa ditabuh minangka klenengan (instrument). 

Para leluhur kang winasis, ngrakit gamelan ora sembarangan utawa sakepenake dhewe. Para leluhur ngrakit gamelan supaya enak dirungokake, bisa dirasakake mula larase digatekake temenan. Mula awake dhewe minangka generasi penerus kudu bisa nguri-nguri, nglesatarikake lan ngrembakake seni karawitan kasebut.

Demikian contoh teks eksposisi tentang Gamelan Jawa. Apabila ada kesalahan ejaan atau kesalahan dalam penulisan kata, silakan untuk meninggalkan perbaikan pada kolom komentar di bawah. Salam. 

1 komentar

  1. Soal min contoh soal
Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close