Sugeng siang para kadang. ing kalodhangan menika, kula badhe ngaturake bab Apa Iku Tembang Macapat? Filosofi, Paugeran, Watak lan Carane Nulis? Sumangga dipunpirsani tulisan ing ngandhap menika.
Apa iku Macapat?
Macapat yaiku salah sawijining tembang saking tlatah Jawi, sing diserat lan diwaca nganggo patokan/paugeran. Macapat uga disebut maca papat-papat.
Saliyane ing Jawa, tembang macapat uga ana ing dhaerah Bali, Sasak, Madura, Sunda. Dene ing daerah Palembang lan Banjarmasin uga sampun nate dipunpanggihaken macapat.
Ing jaman Mataram, teks-teks kasusastran klasik biasane ugi diserat mawi metrum/gaya macapat. Tuladhane serat Kalatidha, Wedhatama. Wulangreh, lsp. Tembang macapat nggadhahi paugeran tinamtu.

baca juga: Pengertian, Watak, Paugeran dan Makna Tembang Kinanthi Serat Wedhatama
Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat nduweni paugeran utawa aturan baku. Aturan baku kasebut yaiku:
1. Guru Gatra yaiku cacahing larik utawa gatra saben sapada.
2. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra
3. Guru Lagu yaiku dong-ding utawa tibaning swara ing pungkasane gatra
Filosofine Tembang Macapat
Para sesepuh ngendikan, yen tembang macapat iku nggambarake proses uripe manungsa ing ngalam donya. Ing ngisor iki, bakal dijelaske filosofine tembang macapat manut kalihan urut-urutane:
a. Nemtokaken wataking tembang
Ing babagan menika, minangka trap-trapan sepisanan nembang macapat. Awit nemtokaken watak tembang, gegayutan kaliyan jinisipun tembang macapat.
b. Nemtokaken pamilihan tembung
Kados dene nyerat karya sastra sanesipun, panyeratan tembang macapat ugi milih tembung ingkang nggadhahi kaendahan/ estetika supados karya menika nggadhahi biji ingkang sae.
c. Nemtokaken jinise tembang macapat
Nemtokaken jinise tembang macapat ingkang kedah dipunjumbuhaken kaliyan underanipun. Jinisipun tembang macapat sampun wonten pathokan ingkang baken, inggih menika guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Pramila, trap-trapan menika sampun cetha anggenipun bakal nyerat tembang macapat.

- Maskumambang nduweni filosofi
awal dumadine manungsa ana ing guwa garba. Gua garba yaiku Rahim ibu. Manungsa ing
guwa garba diibaratake kaya emas sing kumambang. Mas iku aji, istimewa. Dene kumambang
tegeses ora ngerti lanag wadone, bagus utawa ayu rupane.
- Mijil nduweni
arti lair. Tegese yaiku manungsa lair sns ing ngalam donya. Saka gua garba,
manusia nuju kodrate yaiku urip lan nuhoni kewajibane marang Gusti maha Kuwasa.
- Kinanthi yaiku tahape manungsa sekolah. Kinanthi tegese dikancani. Nalika manungsa lair ing donya, isih bodho, ora nduweni apa-apa. Wajibe wong tuwa yaiku kudu nyekolahke anake, nyangoni, lan ndhihik kanthi bener.
- Sinom ora liya yaiku mangsane manungsa mudha tumaruna. Cah nom, yen ora dikanthi (didampingi) karo kinanthi, bakal angel kandhane. Ora nduwe tuntunan saengga ora nurut aturan. Mula, nalikane lair ing ngalam donya, kok ora pernah sinau tata krama, ora beda kaliyan kewan.
- Asmaradana yaiku mangsane manungsa wiwit ngerti lan kenal lawan jenis. Mulai tumbuh rasa seneng marang liyan. Dadi wajar yen cah nom padha seneng lan remen karo lawan jenis.
- Gambuh iku artine cocok, deal lan sarujuk. Gambuh nuduhake manungsa sing wis sarujuk lan cocok karo siji lan liyane. Manungsa wis wiwit mbangun balewisma atau omah-omah. Manungsa ngiket janji suci, padha bebojoan, nikah.
- Dhandhanggula iku tembang macapat sing kapitu. Ing kono sawise manungsa nikah, mesthi bakal nemuni manis pahite, asin kecute urip sing sebenere. Mulai dadi manugsa dewasa. Mulai mikir butuh rumah tangga. Mikir butuhe anak- sandang papan lsp. Ing tahap iki manungsa diuji.
- Durma tegese padha karo derma sing tegese weweh. Menehi marang liyan. Iki mangsane manungsa kudu nafkahi keluargane. Uripe diuji.
- Pangkur iku mangsa antara yuswa pensiun. Pangkur artine padha karo mungkur, mundur. Ing taun iki, manungsa kudu nyedhak Gusti Allah. Mendekatkan diri kepada Tuhan. Kabeh bab kadunyan wiwit diculke. Anane mung ngibadah lan ngibadah. Dheweke wis lepas saka mikir kadunyan.
- Megatruh iki pungkasane manungsa ing donya. Megatruh tegese pegat (pisah) ruh (nyawa). Kabeh manungsa bakal mati-tilar donya. Mulih marang Gustine.
- Pocung tegese pocong. Iki tahape badane manungsa sing paling pungkasan. Dheweke dikubur. Dipethak ing kubur. Ora ana sing ngancani kejaba amal ibadahe nalikane urip ing donya.
- Watak tembang Maskumambang yaiku nelangsa, kangge medharaken raos prihatos
- Watak tembang Mijil yaiku wedaling raos, mituturi, kangge medharaken pambikaning cariyos utawi mangayubagya
- Watak tembang Sinom yaiku grapyak, renyah, lan semangat
- Watak tembang Asmaradana yaiku sedhih, sengsem, lan prihatos
- Watak tembang Gambuh yaiku wantun, kulina, lan rumaket
- Watak tembang Kinanthi yaiku bingah, tresna, lan asih
- Watak tembang Dhandhanggula yaiku kewes, luwes, lan resep
- Watak tembang Pangkur yaiku sereng, seneng, lan nantang
- Watak tembang Durma yaiku galak, nantang, duka, lan muntab
- Watak tembang Megatruh yaiku sedhih, kangge medharaken raos memelas, getun, lan prihatos
- Watak tembang Pocung yaiku kendho, tanpa greget saut kangge medharaken kasembranan, guyon, lsp.
a. Nemtokaken wataking tembang
Ing babagan menika, minangka trap-trapan sepisanan nembang macapat. Awit nemtokaken watak tembang, gegayutan kaliyan jinisipun tembang macapat.
b. Nemtokaken pamilihan tembung
Kados dene nyerat karya sastra sanesipun, panyeratan tembang macapat ugi milih tembung ingkang nggadhahi kaendahan/ estetika supados karya menika nggadhahi biji ingkang sae.
c. Nemtokaken jinise tembang macapat
Nemtokaken jinise tembang macapat ingkang kedah dipunjumbuhaken kaliyan underanipun. Jinisipun tembang macapat sampun wonten pathokan ingkang baken, inggih menika guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Pramila, trap-trapan menika sampun cetha anggenipun bakal nyerat tembang macapat.
Mekaten tulisan ngenani Apa Iku Tembang Macapat? Filosofi, Paugeran, Watak lan Carane Nulis. Tulisan menika tebih saking kasampurnan, mula kanthi lila legawa kula bakal nampi panyaruwe ingkang mendukung.
Maturnuwun.