Apa Iku Tembung Yogyaswara?
Tembung yogyaswara yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji. Pangucape mirip, dinggo bebarengan. Biasane vokal pungkasan tembung sepisan iku “a” lan tembung kapindho iku vokal “i”. Tembung yogyaswara nduweni teges lanang lan wadon.
Yogyaswara saka tembung yogya artine apik lan "swara". Tembung Yogyaswara tegese yaiku tembung sng suwarane apik lan kepenak dirungokne. Tembung iki biasane mapan ana ing jero teks sastra kaya Puisi, Novel lan kadang ana ing tembung ukarane pranatacara.
baca juga: Pengertian, Tugas, Teknik Dan Cara Menjadi Pranatacara Profesional
Ciri tembung yogyaswara yaiku
- Tembung 2 dirangkep dadi siji
- Nduweni teges lanang lan wadon
- Vokal tambung sepisan “a” lan
tembung kapindho vokale “i”
- Dudu tembung rangkep
- Yen salah sijine tembung
diilangi, tetep nduweni teges utawa makna.
Tuladhane tembung Yogyaswara
- Yaksa yaksi yaiku arane mahluk lanang wadon. Ing agama
hindu, mahluk iki ujude setengah dewa setengah manungsa. Biasane diujudake
rupa raksasa.
- Widadara
widadari yaiku bidadari lanang lan bidadari wadon.
- Siswa siswi yaiku sebutan kanggo murid lanang lan murid wadon. Sebutan iki mung
kanggo murid ing TK, SD, SMP lan SMA.
- Raseksa raseksi yaiku nduweni teges raksasa lanang lan raksasa wadon. Raksasa nduweni
jeneng liya utawa dasanama buta.
- Putra putri nduweni teges minangka sebutan
kangge anak lanang lan anak wadon.
- Pemudha pemudhi artine padha karo cah nom lanang lan cah nom wadon sing isih legan
utawa bujang.
- Mahasiswa mahasiswi nduweni arti padha karo siswa siswi. Bedane mung panggon sekolahe. Mahasiswa mahasiswi berarti murid ing sekolah tinggi kaya universitas, akademi, Sekolah tinggi lan sapanunggalane.
baca juga: Teknik dan Sikap Pranatacara, Pamwacana, dan Pamedar Sabda yang baik dan benar
- Gandarwa gandarwi dadi sebutane dewa lanang lan dewa wadon.
- Kedhana kedhini tegese yaiku anak loro
lanang lan wadon.
- Dewa dewi tegese sebutane
dewa lanang lan dewa wadon.
- Bathara bathari nduweni arti minangka dewa lanang lan dewa wadon kanggone wong Hindu.
- Apsara apsari / hapsara hapsari yaiku bidadari
lanang lan bidadari wadon.
Tuladha tembung Yogysawara
ing ukara
Tembung Yogysawara biasane dianggo dening pranatacara. Tujuane
supaya tembunge pranatacara luwih endah lan nyenengake nalika dirungokne.
Ananging aturan iki ora baku. Ing karya sastra uga akeh ditemokake tembung
Yogysawara iki.
Tuladha ukara sing nganggo tembung Yogysawara.
- Pak Dosen nembu mucal mahasiswa mahasiswi ing kampus.
- Siswa siswi SMA padha melu ujian sekolah berstandar Nasional.
- Nalika ana pelangi, wong wong padha percara yen dewa dewi pada mudhun saka kahyangan.
- Manten lanang lan manten wedok endahe kaya hapsara hapsari.
- Bethara bethari lagi ngadhep Bethara Guru.
mungkin anda tertarik: Definisi Tembung Entar
Makaten definisi tembung Yogyaswara, ciri lan contone ing Basa Jawa. Muga-muga tulisan iki bisa manfaati. Nuwun.