Soal [Paket B] PAT Bahasa Jawa Kelas X SMA/MA/SMK Semester Genap

ambar
Pada postingan kali ini, kami akan membagikan contoh soal PAT Bahasa Jawa Kelas 10 SMA/MA maupun SMK  Semester Genap.

Seperti yang kita ketahui bersama, Bahasa Jawa merupakan mapel muatan lokal yang wajib diajarkan di tiga provinsi Indonesia, yaitu Jawa Tengah, DIY dan Jawa Timur. Bahasa Jawa merupakan Bahasa Ibu yang dimiliki orang Jawa atau suku Jawa. Selain eksis di tiga provinsi tersebut, Bahasa Jawa juga eksis di Negara Suriname.

Soal [Paket B] PAT Bahasa Jawa Kelas X SMA/MA/SMK Semester Genap

Nah, untuk membantu kawan-kawan semua belajar bahasa Jawa, berikut kami hadirkan 20 contoh soal Bahasa Jawa yang bisa digukan sebagai latihan belajar siswa kelas X SMA/MA/SMK. Selengkapnya, silakan perhatikan soal tersebut di bawah ini!

Pilihen wangsulan A, B, C, D, utawi E minangka wangsulan ingkang paling leres!
Gatosaken wacan ing ngandhap!
Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ing siyang menika, murih rahayuning sedya sumangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan karaharjan lan tinebihaken saking rubeda. 
1. Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....
A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Isi 
D. Panutup 
E. Pangarep-arep 

Gatosaken wacan ing ngandhap!
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya, minangka adiacara ingkang pungkasan nun inggih donga ingkang badhe kapandegani dening ingkang kinurmatan bapa Slamet. Anaging saderengipun adicara donga kalaksanan, konjuk dhumateng bapa Mukidi keparenga hanjengkaraken pinanganten kekalih kanthi tumuju wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para rawuh saha nyuwun tambahing berkah pangestu, lan saking kula minangka panatacara hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan wonten kiranging subasita saha atur kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging.... nuwun, nuwun, maturnuwun.
2. Tembung ingkang trep kangge jangkepi teks panatacara ing nginggil yaiku....
A. pangaksami
B. maturnuwun
C. pangapura
D. sesulih 
E. rantamaning 

3. Ing ngandhap punika pratelan kang wosingipun boten nuduhake babagan surasaning basa yaiku....
A. kula minangka sesulih saking Bapa Kurniawan sakaluwarga, nyuwun pangapunten bilih kathah kekirangan saha kalepatan ing samudayanipun
B. mugi-mugi temanten kekalih tansah rukun, asih sinisihan, lan mulya gesangipun
C. wasana minangka panutuping atur, bilih anggen kula matur wonten kalepatan, kula nyuwun agunging samudra pangaksami, nuwun.
D. Bapa Sudirman ing titi wanci punika sampun hanetepi darmaning asepuh mahargya putra-putrinipun ingkang sesilih Rr. Ayu Sekar Triwarni dhaup kaliyan Bagus Muhammad Noor Arif
E. Mugi-mugi temanten sarimbit saged atut runtut ngantos kaken ninen.

4. Gatosaken tembang ing ngandhap punika!
1. Sinambi ing saben mangsa, 
2. Lelana teki-teki, 
3. Nggayuh geyonganing kayun, 
4. Sanitiyasa pinrihatin, 
5. Mamangun marta martani, 
6. Samangsane pasamuan, 
7. Kayungyun eninging tyas, 
8. Kala kalaning asepi, 
9. Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra 
Urutan ingkang trep saking tembang Sinom ing nginggil yaiku....
A. 6, 5, 4, 3, 2, 1, 7, 8, 9
B. 6, 1, 5, 4, 2, 3, 7, 8, 9
C. 6, 5, 1, 8, 2, 3, 7, 4, 9 
D. 6, 7, 8, 2, 3, 1, 4, 5, 9
E. 6, 5, 1, 7, 2, 4, 3, 8, 9

5. Mamangun marta martani ngemu teges yaiku....
A. Ing saben patemon kudu tumindak becik lan sabar
B. Nyiptakake kabagyan lair batin kanthi tumindak sabar 
C. Saben ana kalodhangan becike mertapa
D. Saben mertapa kuwi kanggo nggayuh pepinginan
E. Tumindak prihatin aja mangan lan turu

6.

Ukara ing nginggil menawi dialihaksarake dados aksara latin yaiku….
A. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Timur
B. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Tengah
C. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Semarang
D. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Jawa Barat
E. Bonbin Mangkang salah siji papan pariwisata ing Mangkang

7. Salah siji dampak saka anane virus corona yaiku Ujian Nasional 2020 dibatalke.
Ukara ing nginggil menawa ditulis kanthi aksara Jawa yaiku….
A.

B.

C.

D. 

E. 


Gatosaken wacan ing ngandhap!
Saisine negara Astina bela sungkawa awit putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi lair kanthi wujud ora lumrah yaiku kanthi kahanan bungkus. Sawetara ibune bungkus, Dewi Kunthi sing kudune bungah nampa kanugrahan putra, mung bisa pasrah marang keparenge Gusti nalika nyipati kahanan kang kaya mangkono. Ora ana senjata kang bisa tumama mecah wujuding bungkus. Pirang-pirang pambudidaya kanggo ngluwari panandhange bungkus ora ana sing kasil.
8. Nilai kang bisa dipunpendhet saking pethilan cariyos wayang ing nginggil yaiku....
A. Lila legawa
B. Kajujuran 
C. Andhap asor
D. Gedhe pangapura 
E. Lembah manah

9. Pitutur luhur ingkang saged dipunpendhet saking cariyos ing nginggil yaiku....
A. Kudu jujur marang liyan
B. Kudu legawa nalika arep mbiyantu sasama
C. Gawe senjata kang migunani tumrap sesami
D. Pasrah lan sabar nalika pikantuk pancoban saka Gusti
E. Golek kasekten kanggo nulung sapadha-padha

10. Paraga iki kang kasil mecah bungkus. Pecahing bungkus dadi sapatemon kalorone, kagyat dadi perange. Sirna jasade paraga iki, roh lan daya kekuwatane manjing jroning angga Sang Bungkus.
Paraga kang dimaksud saking wacan ing nginggil yaiku....
A. Raden Permadi
B. Gajah Sena
C. Dewi Umayi
F. Prabu Pandhu
G. Bratasena

Gatosaken wacan ing ngandhap!
Kasatriya Bima utawa Bima Sena iku anak lanang nomer loro saka Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi kang kalebu Pandhawa Lima. Bima uga nduweni jeneng liya, yaiku Werkudara, kang tegese gagah prakosa, medeni kanggo sapa wae kang dadi mungsuhe.
11. Pethikan cariyos kasebut ing unsur intrinsik nggambarake....
A. Alur
B. Paraga
C. Tema
D. Sudut Pandang
E. Amanat

Gatosaken wacan ing ngandhap!
    Ing Kahyangan Jonggring Saloka, Bathara Guru lan Bathara Narada lagi ngrembug ngenani Pandhawa kang nomer loro, yaiku Raden Bima sing wis wayahe metu saka bungkus. Wis wolung taun anggone tapa ing sajroning bungkus lan saiki wis wayahe metu dadi satriya kang manjila kanggo mbela kabecikan. Bathara Guru banjur ngundang Banthara Bayu lan tunggangane awujud Gajah, arane Gajah Sena kanggo rawuh ing palenggahane.
     Sawise wong sakloron iku rawuh, Bathara Guru banjur maringi titah kanggo Bathara Bayu lan Gajah Sena. Bathara Bayu antuk titah kanggo menehi klambi sapengadeg marang Raden Bima ing sajroning bungkus. Nalika wis rampung, Gajah Sena nembe nyuwek si Bungkus nganggo gadhinge amarga mung gadhing iku kang bisa nyuwek si Bungkus. Sawise krasa cukup, Bathara Guru banjur paring dhawuh wong sakloron mau budhal menyang Alas Mandalasara. Kasusul pamite wong loro kasebut kanggo ngayahi ayahan ing tembe.
12. Latar panggonan saking cariyos kasebut yaiku wonten ing....
A. Ngastina
B. Gunung Mandalasari 
C. Bathara Guru
D. Bumi Arcapada
E. Kahyangan Jonggring Saloka

13. Pitutur luhur saking paragraf kaloro waosan kasebut yaiku....
A. Tumindak sopan marang raja utawa pimpinan
B. Kabeh tinitahe saka pimpinan kudu dilakokake
C. Paseduluran kang rumaket
D. Menawa ana masalah kudu dirembug
E. Aja seneng njejaluk marang wong liya

14. Wosing saking paragraf kapisan waosan kasebut yaiku....
A. Bathara Guru menehi titah marang Gajah Sena tumurun saka kahyangan 
B. Bathara Guru lan Bathara Narada lagi ngrembug ngenani Pandawa kang nomer loro
C. Gajah Sena tumurun saka kahyangan nuju Ngastina kaliyan bathara Guru
D. Bathara Bayu tumurun ing Bumi bareng Gajah Sena lan Bathara Narada
E. Si Bungkus kasil dibedhah dening Gajah Sena lan dadi kesatria

Gatosaken wacan ing ngandhap!
“Priye? Aku mbokkongkon mbalekake Dewi Sinta? Hmmm, Kumbakarna. Kumbakarna! Gedhemu, gedhe, dhuwurmu ya dhuwur! Umurmu ya wis tuwa, lha kok pikiranmu landhep dhengkul! Ngertia, Kumbakarna! Dewi Sinta iku mung kanggo jalaran! Saiki wae Ramawijaya wis gelem nyepeleke aku! Eling-elingen nalika punggawa jajahanku ing laladan alas Dhandhaka dipateni dening Ramawijaya, apa meneh mbesuk ora ngidaka pisan! Dadi saupama saiki si Ramawijaya mati ing palagan Alengka mesthi bisa ngadeg jaya nganti teka wekasaning jaman. Nanging yen si Rama iku isih urip, ora saiki, mbesuk-mbesuk kono mesthi ngremuk negara kita!”
15. Papan ing cariyos nginggil yaiku....
A. Dwarawati
B. Maespati
C. Cempala
D. Alengka
E. Pringgodani

16. Watak saking Kumabakarna yaiku....
A. Ora wani lan seneng gawe gara-gara ing negarane
B. Seneng mateni lan seneng gawe rusuh
C. Seneng njupuk barange lan ngrupeki wong liya
D. Seneng nyolong lan ngrusak omahe wong liya
E. Prawira lan kerep ngandhani Rahwana supaya sadhar

17. Kumbakarna ngandani Rahwana supaya mbalekake....
A. Dewi Sinta
B. Dewi Umayi
C. Ramawijaya
D. Dasamuka
E. Lesmana

18. Piwulang saking waosan ing nginggil yaiku....
A. Dadi manungsa kudu gemi, setiti, lan ngati-ati
B. Dadi manungsa kudu seneng nyawang wong liya susah
C. Dadi manungsa kudu sregep nyolong supaya bisa duwe
D. Dadi manungsa kudu mbalekake sing ora duweke
E. Dadi manungsa kudu seneng tulung-tinulung marang liyan

19. Tembung landhep dhengkul ing nginggil nggadahi teges....
A. Pinter banget
B. Bodho banget
C. Seneng tetulung
D. Seneng njupukan
E. Seneng nyambut gawe

Gatosaken ukara-ukara ing ngandhap!
1) Wahyu digoleki kawit mau jebul nembe menek klapa ing mburi omah.
2) Pakdhe anggone golek dhuwit nganti direwangi adus kringet.
3) Kabeh pakaryan wis dirampungake para pemudha-pemudhi ing dhusun kene.
4) Wong kok ayune kaya ngono, apa merga alise nanggal sepisan.
5) Yawis pancen kaya ngono kuwi adhimu, lakune kaya macan luwe.
20. Ukara ingkang migunakake tembung entar yaiku....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close