Soal [Paket A] PAT Bahasa Jawa Kelas X SMA/MA/SMK Semester Genap

ambar
Pada postingan kali ini, kami akan membagikan contoh soal PAT Bahasa Jawa Kelas 10 SMA/MA maupun SMK  Semester Genap.

Seperti yang kita ketahui bersama, Bahasa Jawa merupakan mapel muatan lokal yang wajib diajarkan di tiga provinsi Indonesia, yaitu Jawa Tengah, DIY dan Jawa Timur. Bahasa Jawa merupakan Bahasa Ibu yang dimiliki orang Jawa atau suku Jawa. Selain eksis di tiga provinsi tersebut, Bahasa Jawa juga eksis di Negara Suriname.

Soal [Paket B] PAT Bahasa Jawa Kelas X SMA/MA/SMK Semester Genap

Nah, untuk membantu kawan-kawan semua belajar bahasa Jawa, berikut kami hadirkan 20 contoh soal Bahasa Jawa yang bisa digukan sebagai latihan belajar siswa kelas X SMA/MA/SMK. Selengkapnya, silakan perhatikan soal tersebut di bawah ini!

Pilihen wangsulan A, B, C, D, utawi E minangka wangsulan ingkang paling leres!

Gatosaken wacan ing ngandhap!
(1) swarane kudu cetha
(2) basa lan sastrane ora bener
(3) busana sing diagem pantes
(4) swarane alon-alon
(5) tata krama sing becik
(6) basa lan sastrane kudu trep
(7) busananen bolong-bolong
(8) basa lan sastrane sakpenake dhewe
1. Saking pranyatan ing nginggil, ingkang dados sarat panataraca ingkang becik yaiku....
A. 1, 3, 5, 2
B. 1, 3, 5, 6
C. 1, 3, 8, 6
D. 1, 4, 5, 6
E. 1, 4, 7, 8

2. Panyandra ing ngandhap punika kang boten trep yaiku....
A. Idepe mblarak sempal
B. Drijine mucuk eri
C. Godhege ngundhup turi
D. Mripate ndamar kanginan
E. Rambute ngombak banyu

3. Panyengkuyung kaprigelane panatacara inggih menika....
A. Pangrengga swara, papan, pawiyatan
B. Pangrengga swara, mic, papan
C. Mental, busana, sastra
D. Gladhen, mental, busana
E. Kasamaptan, mic, basa

4. Dhumateng bapa Slamet ingkang kula (1)...., saha para kadang ingkang kula tresnani, langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng (2).... raos puji sukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi ingkang sampun maringi (3).... satemah kita sedaya saged (4).... kanthi manunggal wonten papan menika kanthi boten wonten (5).... satunggal punapa.
Teks rumpang ing nginggil supados saged jangkep kaisi....
A. (1) tresnani, (2) matur, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan
B. (1) tresnani, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan
C. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) panuwun, (4) sowan, (5) alangan
D. (1) kurmati, (2) matur, (3) panuwun, (4) kempal, (5) alangan
E. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

5. Sanggyaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula Winarno ingkang tinanggenah saha kajibah pangendhaliwara ing siyang menika. Kula badhe amaosken menggah reroncening titilaksana supitan ing wekdal menika.
Tembung sanggya nggadhahi teges....
A. Kabeh
B. Cilaka 
C. Slamet 
D. Wakil 
E. Raharja 

6. Sugeng siyang. Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Panjenenganipun para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Kadang werdha mudha ingkang tansah kula tresnani nuhoni saking keparenganipun ingkang mengkugati nun inggih panjenenganipun bapa Sugito sekaliyan, kula ingkang piniji minangka panatacara, langkung rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan menika tinarbuka, sumangga panjenengan sedaya tansah kula dherekaken ngonjukaken puja miwah puji sukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos, dene ngantos titi wanci menika panjenengan sedaya miwah kula taksih pinaringan rahmat saha barokahipun.
Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....
A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Surasa basa
D. Panutup 
E. Pangarep-arep 

7. Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancaging adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ing siyang menika, nun inggih:
• Kapisan atur pambuka 
• Kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur’an
• Atur pambagyaharja
• Kasambet pengaosan
• Panutup 
Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....
A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Surasa basa
D. Panutup 
E. Pangarep-arep 

8. Gatosaken tembang ing ngandhap punika!
Sinambi ing saben mangsa, 
Lelana teki-teki, 
Nggayuh geyonganing kayun, 
Sanitiyasa pinrihatin, 
Mamangun marta martani, 
Samangsane pasamuan, 
Kayungyun eninging tyas, 
Kala kalaning asepi, 
Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra 
Tembung-tembung ingkang kacithak kandhel tegese yaiku....
A. pasamuan : panggonan, marta : sabar, puguh : gampang kapilut
B. pasamuan : panggonan, marta : serik, puguh : gampang kapilut
C. pasamuan : kumpulan, marta : panas, puguh : gampang kapilut
D. pasamuan : kumpulan, marta : panas, puguh : ora owah
E. pasamuan : kumpulan, marta : sabar, puguh : ora owah

9. Guru wilangan lan guru lagu saking tembang sinom yaiku....
A. 8a, 8a, 8i, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. 8a, 7i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a
C. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
D. 8a, 8i, 7a, 7i, 8u, 8i, 8a, 81, 12a
E. 8a, 7i, 7a, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i, 12a

10. Gatosaken tembang ing ngandhap punika!
Nuladha laku utama,
Tumrape wong tanah Jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan senapati,
Kepati amarsudi,
Sudaning hawa lan nepsu,
Pinepsu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amemangun karyenak tyasing sasama
Piwulang saking tembang macapat ing nginggil yaiku....
A. Tindak tanduk sing apik saka Panembahan Senapati yaiku nambahi hawa nepsu, usaha sing ala, lan prihatin
B. Tindak tanduk sing ala saka Panembahan Senapati yaiku nyuda hawa nepsu, usaha nyenengake wong liya, lan prihatin
C. Tindak tanduk sing apik saka Panembahan Senapati yaiku nyuda hawa nepsu, gawe jengkel wong liya lan seneng-seneng
D. Tindak tanduk sing apik saka Panembahan Senapati yaiku nambahi hawa nepsu, usaha nyenengake wong liya, lan dolan-dolan
E. Tindak tanduk sing apik saka Panembahan Senapati yaiku nyuda hawa nepsu, usaha nyenengake wong liya, lan prihatin

11. Ing ngandhap punika pratelan kang nuduhake wasana basa yaiku....
A. Kula rumaos mongkog wontening tatacara punika
B. Nyuwun pangapunten awit sedaya kekiranganipun
C. Kula aturi panjenengan pinarak ingkang sekeca
D. Mangga kula dherekaken ngaturaken panuwun syukur
E. Ngaturaken wilujeng awit karawuhan panjenengan

12. (1) nggambarake sawijining bab
(2) ndadekake pamaos kaya-kaya nglakoni dhewe
(3) critane lelandhesan urutan wektu
(4) njlentrehake titikaning sawijining objek kanthi cetha
(5) dijangkepi dhasar lan bukti kang kuwat
Tengerane paragrap dheskripsi yaiku....
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 1 lan 4
A. 2 lan 4 
B. 2 lan 5

13. Gethuk yaiku panganan arupa jajanan pasar kang kagawe saka tela sing didang, banjur dialusake lan diwenehi gula jawa aren banjur diiris. Biyasane disajekake karo parutan klapa. Gethuk iki beda karo gethuk lindri, gethuk gedhang, lan gethuk goreng kang mujudake inovasi saka gethuk lan regane murah. Gethuk akeh didol ing pasar-pasar tradhisional. Gethuk diwungkus nganggo godhong gedhang. Gethuk nduweni werna kecoklatan sing asale saka gula jawa
Waosan ing nginggil kalebu jinising wacan....
A. narasi
B. dheskripsi
C. eksposisi
D. persuasi
E. argumentasi


14. Gatosaken gambar ing ngandhap punika!

Soal [Paket A] PAT Bahasa Jawa Kelas X SMA/MA

Ukara dheskripsi kangge gambar ing nginggil yaiku....
A. Panganan tradhisional kang digawe saka glepung beras ketan lan diisi gula jawa. Wujude bunder lan luwih mantep menawa dicawiske karo parutan klapa.
B. Jajanan pasar kang kagawe saka tela sing didang, banjur dialuske lan diwenehi gula Jawa utawa gula aren banjur diiris. Biyasane disajekake karo parutan klapa.
C. Salah sawijining panganan tradhisional sing digawe saka glepung utawa glepung ketan sing digoreng utawa digodhog banjur diwenehi wijen.
D. Panganan sing rasane gurih amarga kagawe saka ketan. Panganan iki didadekake bahan kang digawa nalika temu penganten utawa panggih. Filosofine supaya penganten sarimbit bisa lengket.
E. Panganan iki asring diarani “kue ku”. Jajanan pasar iki digawe saka glepung ketan kang isine yaiku parutan klapa kang dicampur karo gula jawa.

15. Gatosaken wacan ing ngandhap!
Bocah-bocah lagi padha lelungguhan ing latar sinambi mangan ondhe-ondhe karo nyawang kahanan langit sore.
Saking ukara kasebut, ingkang minangka tembung dwilingga semu inggih punika....
A. Bocah-bocah
B. lelungguhan
C. sinambi
D. Ondhe-ondhe
E. kahanan

16. Gatosaken Ukara ing ngandhap punika!
Bocah-bocah lagi padha lelungguhan ing latar sinambi mangan ondhe-ondhe karo nyawang kahanan langit sore.
Saking ukara kasebut, ingkang minangka tembung dwipurwa inggih punika....
A. Bocah-bocah
B. lelungguhan
C. sinambi
D. Ondhe-ondhe
E. kahanan

Gatosaken Ukara ing ngandhap punika!
Menawa disetitekake satemene tumpeng iku kaperang dadi telung trap. Ngisor dhewe, tengah lan pucukan. Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling ngisor dadi gegambaraning donyane manungsa. Trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kanggo nuju marang kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi simbol pangajabe manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabagyan sejati, yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi. Mula ing pucukan ditancepi lombok abang kang ngadheg jejeg. Iku kanggo pepeling supaya manungsa tansah eling marang Gusti kang Maha Tunggal, yaiku Allah SWT.
17. Pratelan kang wosingipun jumbuh kalih waosan ing nginggil yaiku....
A. Perangan ngisor dhewe ing tumpeng nggambarake kahanane manungsa kang wis menep rasa/hawa nepsune
B. Tumpeng kaperang saka telung perangan, yaiku ngisor dhewe, tengah, lan tancepan lombok abang kang ngadheg jejeg.
C. Tumpeng minangka simbol kabagyan kang dialami dening manungsa ing panguripan.
D. Perangan ing pucukan minangka simbol uriping manungsa iku kudu tansah nganti-ati
E. Tumpeng iku minangka simbol lan pepeling tumrap manungsa supaya eling marang Gusti kang Maha Tunggal.

18. Ing ngandhap menika kang boten kalebu filosofi tumpeng yaiku....
A. Tumpeng kang wujude lancip kaya gunung nggambarake kemakmuran  kang langgeng
B. Tumpeng kang wujude lancip awujud pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur
C. Tumpeng kang wujude lancip  kaya gunung nggambarake banyu kang mili saka gunung bakal nguripi tanduran-tanduran
D. Tumpeng kang wujude ribyong awujud pangkat lan derajat kang kudu dijunjung dhuwur ora kene diendhehke wong liya. 
E. Tumpeng kang wujude lancip nggambarake supaya manungsa tansah eling marang Gusti kang Maha Tunggal.

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close