Contoh Teks Eksposisi Adat Mantu

ambar
Pada postingan kali ini, kita akan membahasa tentang Contoh Teks Eksposisi Adat Mantu yang ada di Jawa.

Seperti yang kita ketahui bersama, adat mantu yang digunakan oleh orang-orang jawa mengecu pada adat mantu gagrak surakarta dan adat mantu gagrag ngayogyakarta.

Kedua tradisi turun temurun ini menjadi rujukan oleh para perias, panatacara, pelaku budaya dalam adat upacara mantu di daerah masing.

Walaupun demikian, ada adat tradisi mantu yang kedaerahan. Misalnya ada sedikit tambahan pula pengurangan pada prosesi adat tersebut.

Walaupun demikian, adanya upacara yang berbasis kedaerahan tersebut tidak mengurangi esensi dari tradisi adat mantu tersebut. Adanya demikian, menambah khasanah dan ragam budaya yang ada di nusantara ini.
Selanjutnya, menilik pada postingan kali ini, yakni adat mantu Surakarta, ada beberapa perbedaan pada penerapan di lapangan. Adapun untuk urutan di lapangan adalah Lamaran, Siraman, Midodareni, Srah – Srahan, Ijab Kabul, Upacara Panggih, Upacara Balang Suruh, Upacara Wiji Dadi, Sinduran, Timbang, Kacar-Kucur, Dhahar Klimah, Sungkeman, Besan Mertui lan Kenduren utawa Pahargyan.

Berikut merupakan salah satu contoh bentuk teks Eksposisi Adat Mantu gagrag surakarta yang bisa dijadikan salah satu referensi.

1. Lamaran


Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.

2. Siraman

Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah masing – masing calon manten.

3. Midodareni

Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.

4. Srah – Srahan

Srah-srahan iku diarani uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.

5. Ijab Kabul

Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.

6. Upacara Panggih


Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
 
7. Upacara Balang Suruh

Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.

8. Upacara Wiji Dadi

Upacara Wiji Dadi yaiku upacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.

9. Sinduran

Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.

10. Timbang

Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.

11. Kacar-Kucur

Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.

12. Dhahar Klimah

Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.

13. Sungkeman

Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

14. Besan Mertui

Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.

15. Kenduren utawa Pahargyan

Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan.
(dikutip dari berbagai sumber)

Demikian postingan tentang Contoh Teks Eksposisi Adat Mantu Gagrag Surakarta. Semoga bermanfaat!

19 komentar

  1. Daffa abyan
  2. Aldo Rico s
  3. Rizki Wahyu A
  4. nikolaus jalu winisana despradita
  5. WAHYU SYAHRIL
  6. Oka agung saputra
  7. Rayhan aufa z
  8. Bima Permana Ardhis Wibowo
    Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
    1. Bima Permana Ardhis Wibowo
      6
      XI TKR C
  9. merik ariyanto
  10. Kafka Aldhin Rajaswa
  11. Andika Fitra Nugraha
  12. Radithya zaki.a.m
  13. M.Naufal Falaah
  14. shandy weda madani
  15. Puja Malika Ratu
  16. atwi sela jjjjjj
  17. Mikhael Gusti H.
  18. Andhika Budhi A.Y
Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close