A. Serat Wedhatama Pupuh
Pucung
Pupuh Pucung ana sajroning
Serat Wedhatama kang dianggit Dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya
(KGPAA) Sri Mangkunegara IV. Panjenengane kang jumeneng minangka
pengageng pura mangkunegaran uga kawentar minangka Pujangga Agung Surakarta.
Isine tembang ing Serat Wedhatama ngemot pitutur luhur arupa babagan budi pekerti Lan carane anggone tumindak becik. Wiwitane isine tembang arupa pitutur kang katujokake kanggo putra-putri Mangkunegara IV banjur supaya gampang anggone mangerteni pitutur kasebut dironce lumantar tembang.
Serat Wedhatama isine Wedha (panuntun) marang
kautaman. Kautaman kasebut kababar lumantar satus pada kang kabagi Dadi
limang pupuh yaiku.
a. Pupuh pangkur 14 pada
b. Pupuh Sinom 18 pada
c. Pupuh Pucung 15 pada
d. Pupuh Gambuh 35 pada
e. Pupuh kinanthi 18 pada
Tembang kang ana ing Serat Wedhatama kalebu tembang macapat kang nduweni paugeran arane guru gatra guru lagu lan guru wilangan. Ing ulangan iki awake dewe bakal nyinaoni Pupuh Pucung. Ing Serat Wedhatama Tembang Pucung nduweni 15 pada.
Saben Pupuh duweni piwulang utawa pitutur luhur miturut maknane.
Tembang pucung iku nggambarake
mangsa nalika wis dipocong utawa mati.
Watake Tembang Pucung iku sakepenake dhewe sembrana lucu lan gawe seneng. Diarani sakepenake dhewe amarga Tembang Pucung nggambarake manungsa iku lamun wes titi wancine tinimbalian dening Gusti ora bisa apa-apa, anane mung pasrah lan manut.
Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrumat. Tembang Pucung diarani lucu
Lan gawe seneng amarga surasane kalamangsa neng omah cangkriman saiki bisa gawe
gegojegan.
B. Paugerane Pupuh Pucung
Paugerane Pupuh Pucung kaya dene tembang macapat liyane yaiku ana telu.
a. Guru Lagu yaiku tibaning Swara ing pungkasaning Gatra
b. Guru Wilangan yaiku cacahe Wanda suku kata saben sagatra
c. Guru Gatra yaiku cacahe larik saben sapada
Paugerane tembang pucung kaya Mangkene.
Guru Lagu |
Guru Wilangan |
Guru Gatra |
12 |
u |
4 |
6 |
a |
|
8 |
i |
|
12 |
a |
1. Ngajarake supaya manungsa bisa ngendhaleni angkara
murka amarga sikap kang kaya mangkana iku bakal nuwuhake perkara/masalah
2. Ngajarake babakan nggayuh ngelmu luhur amarga kanthi duweni ilmu luhur kang arupa ikhlas sabar lan narima ing Gusti bakale urip mulya.
C. Nggancarake Pupuh Pucung
Nggancarake duwe teges padha karo parafrase utawa
nggawe narasi. Supaya bisa mangerteni piwulang ing njero Tembang Pucung tembang
iku digancarake luwih dhisik. Nggancarake tembang tegese ngowahi ukara ukara
ing tembang dadi ukara kang gampang dimangerteni kaya dene ukara kang guneman
saben dinane.
Babagan kang kudu digatekake nalika arep nggancarake
tembang yaiku:
1.
ukara kang iketaning nganggo paugerane baliswara kudu diudhari.
tuladha: malumpat sampun --> sampun malumpat
2.
ukara kang mawa basa kawi kudu dijarwakake.
tuladha: datan menjadi ora
3.
kena membuang utawa ngimbuhi tembung-tembung sawetara.
tuladha: Angkara Gung menjadi Angkara Kang Agung
4.
tembung sandi utawa garba kudu diudhari
tuladha: Kadya jadi kadi + kaya
5.
manawa Ana perlune Uga bisa ngilangin utawa nambahi ater ater seselan
panambang.
tuladha: ginawe jadi gawe + in
D. Nulis Syair / Nggawe Cakepan Tembang Pucung
Nulis syair/ nggawe cakepan Tembang Pucung padha karo ngarang syair Tembang Pucung nganggo basane dewe. Nalika arep nulis syair tembang kudu mangerteni babagan kang wigati yaiku.
1. Akehe gatra saben sapada utawa guru gatra
2. Pungkasane swara ing saben gatra utawa guru lagu
3. Cacahe wanda saben gatra utawa guru wilangan
4. Watake saben jenis tembang macapat
5. Pigunane saben jenis tembang macapat
Paugerane kang gumathok ing tembang pucung kaya ing ngisor iki.
1. cacahe gatra saben sapada ana papat
2. guru gatra lan guru wilangan tembang pucung yaiku 12u 6a 8i 12a
3. watake tembang patung yaiku duwe surasa sakepenake lan sembrana
4. gunane tembang pucung kanggo guyonan, cangkriman lan nyenengake. Tembang pucung uga minangka piranti kanggo menehi piwulang luhur kaya ing pupuh pucung serat wedhatama.
Tembang Pucung bisa kokgawe kayadene cangkriman utawa tembang pucung kang prasaja coba gatekna tuladha ing ngisor iki
Bapak Pucung cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya
JAWABANE: KELENTHING / JUN
--------------
Bapak pocung Dudu watu Dudu gunung
Sangkamu ing Sabrang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumaku si pocung lambehan Grana
JAWABANE: GAJAH
--------------
Iki dhawuh pitutur priyantun sepuh
Kanggo para mudha
Ngenani piwulang becik
Supaya jroning uripmu tambah guna.
Cukup Semen Materi Tembang Puucung serat Wedhatama Kelas XI SMA/MA/SMK. sumangga yen badhe meruhi isi tembang pocung Serat Wedhatama ing link ngisor iki!
Arti Tembang Pucung Serat Wedhatama
Utawa yen badhe latihan soal, bisa klik link ing ngisor iki!.
Latihan Soal Tembang Pucung Serat Wedhatama
Nnuwun, nuwun, marunuwun