Contoh Soal Ulangan Pranatacara Basa Jawa Kelas X SMA/MA/SMK

ambar

Assalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuhu

Setelah sebaelumnya kita membahas tentang materi Teks Pranatacara pada postingan sebelumnya, pada kesempatan kali ini kami akan menampilkan salah satu contoh sola ulangan materi teks Pranatacara.


Seperti yang kalian ketahui, bahwa pranatacara merupakan MC atau master of ceremony dalam bahasa Jawa. 
Pranatacara atau kadang orang menyebutnya pacatacara merupakan seseorang yang bertugas membawakan, memandu dan mengorganisir berjalannya suatu acara dengan bahasa Jawa. 

Nah, tak perlu berlama-lama. silakan amati contoh soal berikut ini!

Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas X

Keterangan Soal
Materi Pelajaran: Teks Pranatacara
Kelas/ Semester : X/ Genap
Jumlah Soal: 15 Pilihan Ganda

I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!

1. Medhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….

  • a. wara-wara 
  • b. pranatacara
  • c. pambagyaharja
  • d. dhagelan
  • e. pasrah 

2. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan : 

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….

  • a. pambuka
  • b. surasa
  • c. basa
  • d. panutup
  • e. ringkesan

3. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….

  • a. penganten putri  
  • b. panata cara
  • c. penganten lanang
  • d. pambyawara
  • e. sesulih kang duwe gawe

4. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….

  • a. salam pambuka    
  • b. panutup
  • c. pambuka  
  • d. salam panutup
  • e. surasa    

5. Dudutan, pangarep-arep, lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….

  • a. salam pambuka  
  • b. surasa
  • c. salam panutup
  • d. pambuka  
  • e. panutup

6. Gatosaken ukara-ukara ing ngandhap!

  1. Wahyu digoleki kawit mau jebul nembe menek klapa ing mburi omah.
  2. Pakdhe anggone golek dhuwit nganti direwangi adus kringet.
  3. Kabeh pakaryan wis dirampungake para pemudha-pemudhi ing dhusun kene.
  4. Wong kok ayune kaya ngono, apa merga alise nanggal sepisan.
  5. Yawis pancen kaya ngono kuwi adhimu, lakune kaya macan luwe.

Ukara kang migunakake tembung rura basa yaiku....

  • A. 1
  • B. 2
  • C. 3
  • D. 4
  • E. 5

 7. Panyandra ing ngandhap punika kang boten trep yaiku....

  •  A. Idepe mblarak sempal
  • B. Mripate ndamar kanginan
  • C. Drijine mucuk eri
  • D. Rambute ngombak banyu
  • E. Godhege ngundhup turi

8. (1) swarane kudu cetha
(2) basa lan sastrane ora bener
(3) busana sing diagem pantes
(4) swarane alon-alon
(5) tata krama sing becik
(6) basa lan sastrane kudu trep
(7) busananen bolong-bolong
(8) basa lan sastrane sakpenake dhewe

Saking pranyatan ing nginggil, ingkang dados sarat panataraca ingkang becik yaiku....

  • A. 1, 3, 5, 2
  • B. 1, 3, 5, 6
  • C. 1, 3, 8, 6
  • D. 1, 4, 5, 6
  • E. 1, 4, 7, 8

9. Panyengkuyung kaprigelane panatacara inggih menika....

  • A. Pangrengga swara, papan, pawiyatan
  • B. Pangrengga swara, mic, papan
  • C. Mental, busana, sastra
  • D. Gladhen, mental, busana
  • E. Kasamaptan, mic, basa

10. Dhumateng bapa Slamet ingkang kula (1)...., saha para kadang ingkang kula tresnani, langkung rumiyin sumangga kita sareng-sareng (2).... raos puji sukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi ingkang sampun maringi (3).... satemah kita sedaya saged (4).... kanthi manunggal wonten papan menika kanthi boten wonten (5).... satunggal punapa.

Teks rumpang ing nginggil supados saged jangkep kaisi....

  • A. (1) tresnani, (2) matur, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan
  • B. (1) tresnani, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) karaharjan
  • C. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) panuwun, (4) sowan, (5) alangan
  • D. (1) kurmati, (2) matur, (3) panuwun, (4) kempal, (5) alangan
  • E. (1) kurmati, (2) ngonjukaken, (3) kasarasan, (4) kempal, (5) alangan

baca juga: Teknik dan Sikap Pranatacara yang baik dan benar

11. Sanggyaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula Winarno ingkang tinanggenah saha kajibah pangendhaliwara ing siyang menika. Kula badhe amaosken menggah reroncening titilaksana supitan ing wekdal menika.

Tembung sanggya nggadhahi teges....

  • A. Kabeh
  • B. Wakil
  • C. Cilaka  
  • D.  Raharja
  • E. Slamet

12. Sugeng siyang. Panjenenganipun para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Panjenenganipun para tamu kakung saha putri tuwin para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Kadang werdha mudha ingkang tansah kula tresnani nuhoni saking keparenganipun ingkang mengkugati nun inggih panjenenganipun bapa Sugito sekaliyan, kula ingkang piniji minangka panatacara, langkung rumiyin saderengipun pahargyan prasaja ing kalenggahan menika tinarbuka, sumangga panjenengan sedaya tansah kula dherekaken ngonjukaken puja miwah puji sukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos, dene ngantos titi wanci menika panjenengan sedaya miwah kula taksih pinaringan rahmat saha barokahipun.

Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....

  • A. Salam pambuka
  • B. Panutup
  • C. Pambuka
  • D. Pangarep-arep
  • E. Surasa basa

 13. Para tamu saha para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, murih rancaging adicara ing kalenggahan punika saderengipun tinarbuka langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ing siyang menika, nun inggih:

  •  Kapisan atur pambuka
  •  Kalajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur’an
  •  Atur pambagyaharja
  •  Kasambet pengaosan
  •  Panutup

Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....

  • A. Salam pambuka
  • B. Panutup
  • C. Pambuka
  • D. Pangarep-arep
  • E. Surasa basa

14. Panjenenganipun para tamu saha para lenggah, mekaten menggah urut reroncening tata adicara ing siyang menika, murih rahayuning sedya sumangga kita tansah sami nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha agung, mugi-mugi lampahing adicara ing kalenggahan punika pinaringan karaharjan lan tinebihaken saking rubeda.

Pethilan teks ing nginggil kalebu perangan teks panatacara kang diarani....

  • A. Salam pambuka
  • B. Panutup
  • C. Pambuka
  • D. Pangarep-arep
  • E. Isi  

baca juga: KUMPULAN SOAL ULANGAN KELAS X SEMESTER GANJIL

15. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya, minangka adiacara ingkang pungkasan nun inggih donga ingkang badhe kapandegani dening ingkang kinurmatan bapa Slamet. Anaging saderengipun adicara donga kalaksanan, konjuk dhumateng bapa Mukidi keparenga hanjengkaraken pinanganten kekalih kanthi tumuju wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para rawuh saha nyuwun tambahing berkah pangestu, lan saking kula minangka panatacara hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan wonten kiranging subasita saha atur kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging.... nuwun, nuwun, maturnuwun.

Tembung ingkang trep kangge jangkepi teks panatacara ing nginggil yaiku....

  • A. pangaksami
  • B. maturnuwun
  • C. pangapura
  • D. sesulih
  • E. rantamaning


Demikian di atas merupakan Contoh Soal Ulangan Pranatacara Basa Jawa Kelas X SMA/MA/SMK. semoga dengan adanya soal-soal ini, dapat membantu teman-teman semua dalam belajar bahasa Jawa. 
Wassalamu alaikum warohmatullahi wabarokatuhu

1 komentar

  1. Sekalian jawabannya dong?
Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close