Deskripsi Rumah Joglo Bahasa Jawa: Perangane, Jinise dan filosofi

ambar

Deskripsi Omah Joglo dalam Bahasa Jawa

Selamat pagi semuanya. Pada kesempatan yang baik ini, kami akan membagikan deskripsi omah joglo dalam bahasa Jawa. Tanpa berlama-lama, silakan cermati artikel di bawah ini! 

catatan:
Jika tidak paham Bahasa Jawa, silakan baca artikel ini dalam bahasa Indonesia pada link Deskripsi Omah Joglo dalam Bahasa Indonesia ini.

Rumah joglo merupakan sub materi pelajaran yang diajarkan untuk siswa SMA/MA/SMK sederajat kelas X pada semester 2. Materi rumah joglo ini masuk dalam kategori teks deskripsi.

Adapun yang akan diulas pada postingan di bawah ini adalah tentang pengertian rumah joglo, filosofinya, bagian-bagiannya serta jenis-jenisnya di nusantara, umumnya di suku Jawa.

Materi rumah joglo ini bisa kita jadikan referensi pengayaan belajar juga. Tidak hanya untuk siswa SMA/ SMK atau MA saja, masyarakat umum pun bisa menggunakan ulasan singkat di bawah ini sebagai pengetahuan.

Teks ulasan yang kami sampaikan di bawah ini, diambil dari beberapa sumber. Sumber-sumber tersebut, berasal dari buku-buku berbahasa Jawa dan internet. Untuk memastikan ulasan ini cocok untuk semua kalangan, dilakukan beberapa suntingan.

Nah, selengkapnya silakan perhatikan ulasan deskripsi omah joglo tersebut di bawah ini.

Mangerteni Omah Joglo: Perangane, Jinise lan filosofine

Padha karo suku-suku liyane ing Indonesia, wong Jawa uga nduweni omah adat. Omah adat mau jenenge omah joglo. 

Ciri utama saka omah joglo yaiku nduwe saka guru. Saka guru yaiku cagak utawa tiyang utama sing jumlahe ana papat.

Papan kanggo mbangun omah joglo kudu jembar. Sebabe apa? Omah joglo kalebu omah sing ujude gedhe lan nduwe bagian sing akeh. Saengga butuh panggon sing amba banget.

Bahan bangunan omah joglo biasane ujud kayu. Kayu kasebut bisa awujud kayu jati, maoni, sonokeling, glugu, kayu nangka lan sapanunggalane. Amarga rega kayu iki kaetung larang, mula ora sembarang wong bisa lan gelem mbangun omah joglo.

baca juga: Pengertian dan Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa

Perangan utawa Bagian Omah Joglo

Omah joglo nduweni patang bagian yaiku pendhapa, pringgitan, dalem agung lan gandhok.

1. Pendhapa 

Pendhapa iku bagian omah joglo sing mapan paling ngarep. Wangunan ora katutup gebyog (gedhek) alias dibukak byak. Fungsine pendhapa yaiku kanggo nampa tamu, rapat musyawarah warga lan bisa uga kanggo papan dolanan anak-anak.

2. Pringgitan

Manut saka jengene, pringgitan iku asale saka tembung ringgit sing artine wayang. Pringgitan nduweni teges yaiku bagian omah joglo sing biasa digunakake kanggo pagelaran wayang. Pringgitan iki mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem ageng. 

Jaman mbiyen, akeh sing padha seneng wayang. Mula, ing omah ana bagian kusus kanggo pagelaran wayang.

3. Omah dalem / omah njero /dalem agung utawa krobongan

Omah dalem iku minangka bagian utama saka omah joglo. Bagian iki banget privasine kanggo wong Jawa. Merga privasi, omah dalem katutup rapet utawa diwenehi gebyog. Supaya ana hawa sing mlebu, omah dalem diwenehi lawang lan jendela.

Fungsi utama saka omah dalem yaiku kanggo kumpul keluarga, nyimpen rajabrana (barang berharga) lan kanggo ngaso (turu, leren). 

Omah dalem iki kaperang dadi telung bagian yaiku senthong tengah, senthong kiwa lan senthong tengen. Gunane senthong kiwa lan senthong tengen yaiku kanggo papan turu. Dene senthong tengah dadi ruang keluarga. 

Ing upacara adat manten, senthong tengah diarani krobongan.

baca juga: Deskripsi pakaian adat Jawa

4. Omah gandhok

Omah gandhok iku bagian omah joglo sing awujud omah tambahan (dudu bagian inti). Biasane omah gandhok kanggo garasi, pawon, lan pakiwan (WC).

Pawon yaiku dhapur utawa papan kanggo masak. Disebut pawon amarga papan iki ngasilake awu (abu) sisa bakaran kayu.  Dene Pakiwan yaiku perangan omah gandhok kanggo reresik, kaya ta adus, MCK, umbah-umbah lan sapanunggalane.

Saliyane perangan kasebut, ana perangan liyane yaiku:

Bagian njaba

  1. Pagar yaiku bagian omah joglo paling pinggir sing winates karo dalan
  2. Latar yaiku  bagian ngarep omah (halaman)
  3. Emper yaiku bagian ngarep omah sing isih kayoman genteng
  4. Tritis yaiku bagian kiwa tengen omah

Bagian ngisor

  1. Jobin yaiku lantai keramik
  2. Jogan yaiku lantai sing awujud lemah (durung dikramik)
  3. Umpak yaiku alas tiyang supaya ora ambles ing bumi

Bagian kerangka

  1. Saka yaiku tiyang utawa cagak kanggo nyangga payon
  2. Payon, empyak yaiku    atap
  3. Blandar yaiku   panyangga payon sing mapan sandhuwure cagak
  4. Cathok yaiku  pucuke blandar sing disambung
  5. Pangeret  yaiku sing nggathukne blandar

Bagian atas

  1. Empyak yaiku  rangka payon sing isine reng lan usuk
  2. Pencu yaiku  pucuking payon
  3. Talang yaiku panggon ilining banyu udan
  4. Usuk yaiku  panyangga reng
  5. Reng yaiku panggon mapane genteng

Bagian panutup

  1. Lawang yaiku  pintu
  2. Jendela/ candela  yaiku  jendela
  3. Gedhek, gebyog yaiku  dinding kayu, bisa awujud kayu jati, maoni, uga pring

mungkin anda tertarik: Jenis dan Arti Unen-unen Basa Jawa

Filosofi omah Joglo

Pendhapa  yaiku  perangan omah joglo tanpa tutup. Iki nuduhake yen wong Jawa iku siyaga lan siap nampa sapa lan apa wae sing bakal teka. Saliyane iku, uga nduweni teges wong Jawa tansah nengenke (mementingkan) kerukunan lan kekeluargaan. 

Pendhapa iku nduweni fungsi minangka papan kanggo mbahas kadonyan kaya ta bisnis, gawean, dagangan lan sapanunggalane.

Pringgitan nduweni filosofi yen awake dhewe kudu tansah njaga warisan para leluhur ing bidang seni lan olah rasa. Saliane njaga awake dhewe kaajab uga bisa melu ngrembakake ringgit utawa ujud kasenian kasebut.

Dalem agung iku nduweni filosofi yen wong Jawa nduwe privasi. Tegese, saben wong nduwe rahasia sing cukup diweruhi keluargane dhewe lan ora perlu diumbar. 

Saliyane iku, dalem agung uga nduweni pitutur yen ngibadahe manungsa iku cukup Gusti Allah sing ngerti. Dhewe minangka manungsa mung netepi dhawuh.

Omah gandhok nduweni fungsi kanggo masak, lan reresik. Yen dideleng saka fungsine, perangan iki nduweni filosofi yen awake dhewe kudu gemi setiti lan ngati-ati. Maksude yaiku manungsa kudu irit, ora boros, ora ngumbar aibe lan tansah ngati-ati nalikane tumindak.

Jinising omah Joglo

Omah joglo nduweni pirang-pirang jinis yaiku:

1. Joglo sinom

Omah joglo iku kaetung amba banget amarga cacahe saka/ cagak ana 36. Cagak utamane ana papat lan disebut saka guru. Bangunan iki minangka inovasi saka omah joglo sing nduweni teras keliling (diubengi teras)

2. Joglo Jompongan

Joglo iki kalebu jenis omah joglo dhasar utawa ora ana owah-owahan sing aeng. Sing mbedakake joglo iki karo omah joglo liyane yaiku cacahe pengeret sing ana 2.

3. Joglo Pangrawit

Yaiku omah joglo kang nganggo ambang gantung, payone lancip lan nduwe telung undhak-undhakan. Saben pojokan payon, diwenehi tumpang (cagak cilik).

4. Joglo Mangkurat

Joglo mangkurat mirip karo joglo pangrawit. Bedane luwih dhuwur lan disambung nganggo penitih.

5. Joglo Hageng

Omah iki ukurane luwih pendhek lan amba. Ambane merga katambahan tratak keliling.

6. Joglo Lawakan


Omah joglo jenis iki kalebu omah dhasar joglo. Ora ana tambahan babar blas. Cacahe cagak ana 16 lan ing antarane ana saka guru.

7. Joglo Semar Tinandhu 


Joglo iki biasane dadi regol utawa gerbang utama. Ciri utama joglo iki yaiku saka gurune nempel karo tembok pager.

baca juga: Karya Sastra Jawa berbentuk Puisi

Demikian Deskripsi Omah Joglo dalam Bahasa Jawa. Semoga dengan membaca tulisan ini, wawasan kita bertambah dan bisa bermanfaat. Terima kasih.

Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close