Parafrase/ Gancaran Tembang Gambuh Serat Wedhatama Pada 26 - 30

ambar

Untuk mengetahui isi sebuah tembang atau puisi, diperlukan adanya gancaran atau parafrase. Parafrase adalah proses penarasian sebuah tembang dengan menambahkan beberapa kata atau merubah teks tembang menjadi bahasa sendiri. Gancaran bersinonim dengan prafrase yakni proses penarasian puisi atau lagu (tembang).

Gancaran Tembang Gambuh Serat Wedhatama
Ada dua cara untuk memparafrase, yaitu 
  • Gancaran bebas yakni gancaran dengan cara mengganti keseluruhan teks tembang menggunakan bahasa pribadi.
  • Gancaran terikat yaitu gancara dengan tetap menjaga keaslian tembang dan hanya menambahkan satu dua kata agar tembang bisa diketahui maksudnya.
Filosfi tembang Gambuh adalah setiap manusia pasti akan jumbuh, cocok satu sama lain. Setelah manusia merasakan jatuh cinta (asmaradana) manusia merasa cocok satu sama lain. mereka lantas menuju ke jenjang kehidupan selanjutnya, yaitu menikah. Inilah filosofi tembang Gambung tersebut.  

Arti  kata gambuh adalah cocok, jumbuh, lengkap. Artinya adalah tembang gambuh mewakili proses manusia yang cocok satu sama lain, saling melengkapi dalam hubungan pernikahan.

Tembang gambuh bisa digunakan untuk menggambarkan selaras, cocok dan santai. Tembang ini bisa digunakan untuk bercerita atau menyampaikan nasihat-nasihat.

Dalam serat Wedhatama, tembang gambuh ada pada posisi pupuh keempat (sebelumnya secara berurutan pangkur, sinom, pocung, gambuh dan terakhir kinanthi).

Pupuh Gambuh dalam serat wedhatama berjumlah 34 pada atau bait. Kesemua pada itu sama, tidak ada yang ingkar dari aturan atau paugeran tembang gambuh itu sendiri.

Berikut ini, kami sampaikan gancaran tembang Gambuh Serat Wedhatama dalam bahasa Jawa.

Gancaran Tembang Gambuh Serat Wedhatama Pada 6-10

PADA 26
Pamoring ujar iku,
kudu santosa ing budi teguh,
sarta sabar tawekal legaweng ati,
trima lila ambeh sadu,
weruh wekasing dumados

GANCARAN PADA 26
Njalani pituduh kuwi,
kudu kokoh budipakertine,
teguh serta sabar,
tawakal lapang dada, nerima lan ikhlas apa anane tumindakke kang bisa dipercaya,
mangerti “sangkan paraning dumadi”.

ISINE PADA 26
Nglakoni petunjuk ibadah, kudu kuwat budi pekertine, teguh, sabar, lan tawakal. Kudu nerima kabeh lelakon kang bisa dipercaya, Mangerteni saka pundi manungsa teka lan ing ngendi dheweke bakal bali maneh.
------------------------
PADA 27
Sabarang tindak-tanduk,
tumindake lan sakadaripun,
den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku dur,
hardaning budi kang ngrodon.

GANCARAN PADA 27
Sekabehane tindak tanduke,
dilakoni sak anane,
nguwehi pangapuro dateng kalepatan sopo wae,
ngadohi tumindak ala,
(lan) watak angkara kang gede.

ISINE PADA 27
Kabeh tumindak ditindakake sak anane, paring pangapura karo sapa wae sing nduwe salah. Ngadohi tumindak ala lan watak angkara.
------------------------
PADA 28
Dadya wruh iya dudu,
yeku minangka pandaming kalbu,
inkang buka ing kijab bullah agaib,
sesengkeran kang sinerung,
dumunung telenging batos.

GANCARAN PADA 28
Sahinggo ngerti becik lan ala ne,
kaya ngono kuwi kang dadi kemantepan ati,
kang mbukak kang ngalangi/tabir antara manungsa lan kang maha kuasa,
kasimpen ing rahasia,
ing njero batin.

ISINE PADA 28
Mangerteni ingkang becik lan ala amarga atine wis mantep kanggo nyingkirake kang dadi alangan dening dhewe lan Gusti kang kasimpen ing njero ati.
------------------------
PADA 29
Rasaning urip iku
Krana momor pamoring sawujud
Wujuddullah sumrahmbah ngalam sakalir
Lir manis kalawan madu
Endi arane ing kono

GANCARAN PADA 29 
Rasa urip iku
Kanthi cara manunggal ing sawijinh
Wujud kang maha kuasa awujud jagad raya
Kayata rasa legi amarga madu
Kaya ngono kuwi ujarane

ISINE PADA 29 
Rasane urip kuwi, nganggo cara prilaku lan sikap ing sak wujud, wujud tuhan kuwi isine alam semesta, kaya rasa manis karo madu ngono kuwi ungkapane
------------------------
PADA 30
Endi manis endi madu
Yen wis bisa nuksmeng pasang semu
Pasamaoning hebing kang maha suci
Kasikep ing tyas kacakup
Kasat mata lait batos

GANCARAN PADA 30
Ora ana bedane
Yen wis bisa nggayuhake gambaran iku
Kepriye pengertene sabda kang maha kuasa
Mbokya digenggem ing njero ati
Wes jelas dingerteni kanthi lahir lan batin

ISINE PADA 30
Sabda tuhan sing wis dingerteni ing njero ati sabdae kuwi uwis dipahami lahir lan batin


Posting Komentar

Cookie Consent
Kami menyajikan cookie di situs ini untuk menganalisis lalu lintas, mengingat preferensi Anda, dan mengoptimalkan pengalaman Anda.
Oops!
Sepertinya ada yang salah dengan koneksi Anda. Harap sambungkan dan mulai menjelajah lagi.
AdBlock Detected!
Kami mendeteksi Anda menggunakan adblocking di browser Anda.
Pendapatan yang kami peroleh dari iklan digunakan untuk mengelola situs web ini, kami mohon Anda memasukkan situs web kami ke 'whitelist' di adblocking Anda.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.
close